Wayang purwa
Wayang Purwa iku sajinising wayang saka Jawa. Para ahli ngira yèn ukara purwa dijupuk saka parwa, utawa pérangan saka kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa anyar, ukara purwa uga bisa ngandhut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Yen ing versi asliné, kitab loro iki ora ana sesambungané. Ing Jawa, ana sesambungan antarané rong jaman iki kang banjur dirunut dadi silsilah dhéwé.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pangowahan
Ing tangan para pujangga Jawa, wiracarita loro kuwi diowahi lan ditambahi maneh. Ing pedhalangan, dhalang nduwe kuwasa improvisasi crita-crita cilik, kang banjur kondhang dadi ‘’crita carangan’’.
Wayang purwa ngalami pangowahan kang akèh nalika ing jaman Wali Sanga. Para ulama Islam iki nyoba ngilangi ajaran Hindhu ing Mahabharata lan Ramayana kang asliné saka India. Ing wayang kulit, gambar-gambar wayang iki banjur dientha-entha bèn ora kaya manungsa. Jimat Kalimasada duwèké Puntadewa saka tambahané para wali uga. Semono uga paraga wayang kaya Sang Hyang Giri Nata kang dianggep ngrujuk marang Sunan Giri, salah sijiné Wali Sanga.
Ing jaman Mataram Anyar, Walanda nyoba ngrungkebi politik lan panguwasa. Nanging amarga saka kuwi banjur pujangga-pujangga kraton antuk kawigaten. Para pujangga kaya Yasadipura I, Yasadipura II, utawa Ranggawarsita nyoba nguripaké manèh kasusastran kang magepokan kalawan Mahabharata lan Ramayana iku.
[sunting] Lakon-Lakon
Yèn dideleng kanthi prasaja, lakon wayang kapérang dadi loro: pakem lan carangan.
[sunting] Pakem
Lakon pakem dijupuk saka crita-crita kang ana ing kitab-kitab kuna, kayata: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa lan Purwakandha. Ing antarané crita-crita pakem iku antara liya:
- Bale Sigala-gala
- Pandhawa Dhadhu
- Bharatayudha
- Rama Gandrung
- Subali Lena
- Anoman Dhuta
- Brubuh Ngalengka
[sunting] Lakon Carangan
Lakon carangan iku njupuké saka crita pakem kang dikantheni tambahan crita liyané. Saka crita carangan iki banjur akèh gagrag-gagrag kang tansah béda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi tambah akèh. Nanging ana kalané gawé bingung, amarga bisa baé lakoné padha nanging critané dadi béda. Crita-crita carangan iku antara liya:
- Babad Alas Mertani
- Partakrama
- Aji Narantaka
- Abimanyu Lair
- Peksi Dewata
- Gambiranom
- Semar Mantu
- Bambang Sitijaya
- Aswatama Maling
- Thongthongborong
- Srikandhi Mandung
- Danasalira
- Laire Pandhu
- Laire Dasamuka
- Laire Indrajit
- Bedhah Lokapala
- Tutugipun Lampahan Wilugangga
- Gathotkaca Gandrung
- Antasena Rabi
- Ugrasena Tapa
- Sembadra Larung
- Kresna Kembang
- Narayana Maling Putri
- Sri Boyong
- Bandung Naga Sewu
- Pandhawa Maneges
- Semar Maneges
- Parta Dewa
- Wahyu Topeng Waja
- Wahyu Widayat
- Semar Kuning
- Rama Tambak
- Semar mBarang Jantur
- Anoman Swarga
- Dewa Ruci
- Bima Bungkus
- Gatutkaca Sungging
- Sudamala
- Sumantri Ngenger
- Wahyu Makutharama
Sawetara lakon ing dhuwur kanthi format MP3 bisa kaundhuh ing situs internèt.[1]
[sunting] Sempalan
Lakon sempalan iku lakon sing wis dadi lakon gubahan, béda karo asliné amarga disaluyokaké déning gagrag anyar kaya lakon-lakon Wayang mbeling utawa lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarito.
[sunting] Banjaran
Lakon BANJARAN iku jinising lakon wayang purwa sinng nyaritakaké lelakuning paraga (tokoh) wayang wiwit lair nganti séda (kaya Biografi sing kagawé balada). Lakon Banjaran dikenalaké déning Alm Ki Nartosabdo. Sebadyan lakon iku dawa lan ginelar sewengi natas, ananging ora ngilangi bakuning pagelaran wayang purwa. Kawiwitan saka talu, jejer I, kaputrèn, limbukan, bodholan, perang gagal, jejer II, perang kembang, gara-gara, Jejer III, perang brubuh nganti tancep kayon. Sawetara lakon Banjaran kanthi format MP3 uga bisa diundhuh lan dipirengake ing internèt.[2]
- Banjaran Karna
- Banjaran Abimanyu
- Banjaran Gatutkaca
- Narasoma (Banjaran Salya)
- Banjaran Karna
- Banjaran Bisma