USB flash drive

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Usbkey internals.jpg
Komponen-komponen internal wangun
flash drive kang umum

1 Sambungan USB
2 Piranti pangontrol uga panyimpenan massal USB
3 Titik uji
4 Cip memori kilat
5 Osilator kristal
6 LED
7 Write-protect switch
8 Pangonan kosong kanggo cip memori kilat kaloro

USB flash drive (uga asring disebut Flashdisk utawa UFD) yaiku alat panyimenan data memori flash tipe NAND sing nduweni alat penghubung USB kang terintegrasi[1]. Flash drive biasane ukuranè cilik, ringan, sarta bisa diwaca lan gampang ditulisi[1]. Per November 2006, kapasitas sing disedakakè kanggo USB flash drive ana saka 64 megabyte nganti 512 gigabyte[1]. Gedhenè kapasitas flashdisk tergantung saka teknologi memori flash sing digunakakè[1].

Bab lan Paragraf

[sunting] Panemu lan Sejarah

Panemu Flash Memory (NOR dan NAND) yaiku Dr Fujio Masuoka taun 1984 nalika kerja ing Toshiba dene jeneng flash dhewe sing njenengi kancanè, Mr. Shoji Ariizumi[2]. Durung bisa dipesthekakè sapa sing pertama ngembangakè USB flash drive amarga ana telung perusahaan sing ngembangke kaping pisan, yaiku M-Systems, Netac, lan Trek 2000 Flash drive mulai dipasarakè taun 2001 ing Amerika dening IBM[2]. Ukuran data sing bisa disimpen nalika kuwi yaiku 8 MB, data sing terakhir November 2006 wis tekan 64 GB[2].

[sunting] USB Flash Drive ing Windows

Sistem operasi Microsoft Windows ngimplementasikakè USB flash drive dadi USB Mass Storage Device, lan nggunakakè device driver usbstor.sys[3]. Amarga Windows nduweni fitur auto-mounting, lan USB flash drive kuwi perangkat plug and play, Windows arep nyoba nglakokakè sabisanè nalika perangkat mau dicolokakè ing jero soket USB[3]. Windows XP lan sing sakwise malah nduweni fitur Autoplay, sing ngijinakè flash drive diakses sakabehanè kanggo nentokakè apa isi ing jero USB flash drive mau[3]. Nanging flashdisk dadi media empuk kanggo panyebaran virus, amarga kemampuan virus kanggo nyalin virus dhewe ning flashdisk lan nglakokakè otomatis nalika dicolokakè ing port USB (fungsi Autoplay ing sistem Windows ora dipateni)[4]. Akeh virus komputer lokal kaya dene Brontok/RontokBro, PendekarBlank, lan virus lokal liyanè nggunakakè USB flash drive dadi media transmisi virus saka inang siji marang inang liyanè, nggantekakè disket[5]. Virus-virus sing akeh-akehe mlaku ning dhuwur windows luwih cepet nyebar tinimbang Windows sing ngakses drive nggunakakè fitur autoplay duwekè Windows[5]. Amarga, ana apikè kanggo nonaktifkè fitur autoplay,senajan ora mbiyantu kanggo nyegah panyebaran virus[4].


[sunting] Pranala njaba

[sunting] Aplikasi keydrive

USB flash drive sing umum

[sunting] Situs-situs HOWTO

Wangun USB drive, ditunjukake kanthi ukuran 24 mm.

[sunting] Distribusi GNU/Linux untuk USB

[sunting] Cathetan suku


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=USB_flash_drive&oldid=680485"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès