Tlaga Toba
| Tlaga Toba | |
|---|---|
|
|
|
| Lokasi | Sumatra Lor, Indonesia |
| Koordinat | 2°41′04″N 98°52′32″E / 2.6845°N 98.8756°EKoordinat: 2°41′04″N 98°52′32″E / 2.6845°N 98.8756°E |
| Jenis tlaga | Volcanic/ tectonic |
| Ilènan metu utama | Kali River |
| Ana ing negara | Indonesia |
| Dawa maks. | 100 km (62 mi)</noinclude> |
| Amba maks. | 30 km (19 mi)</noinclude> |
| Wiyar lumahing tlaga | 1.130 km² (440 sq mi)</noinclude> |
| Jero maks. | 505 m (1,657 ft)</noinclude>[1] |
| Volume air | 240 km3 (58 cu mi)</noinclude> |
| Kadhuwuran lumahing tlaga | 905 m (2,969 ft)</noinclude> |
| Pulo | Samosir |
| Réferènsi | [1] |
Tlaga Toba yaiku tlaga (basa Indonésia: danau) vulkanik sing ukuran dawané 100 kilomèter lan ambané 30 kilomèter sing ana ing Provinsi Sumatra Lor, Indonésia.[2] Tlaga iki kalebu tlaga sing paling gedhé ing Indonésia lan Asia Kidul-wétan.[2] Ana ing tengahé tlaga iki ana pulo vulkanik sing jenengé Pulo Samosir.[2]
Sejarah [sunting]
Kira-kira Tlaga Toba wiwit ana nalika ana jeblugan watara 73.000-75.000 taun kapungkur lan kalebu jeblugan supervolcano (gunung geni super) sing paling anyar.[3] Bill Rose lan Craig Chesner saka Michigan Technological University ngira-ngira bahan-bahan vulkanik sing diwutahake gunung kuwi jumlahe 2.800 km³, yaiku 800 km³ batuan ignimbrit lan 2.000 km³ awu vulkanik sing diperkirakake diterak angin ing arah kulon suwene 2 minggu.[3] Awu vulkanik sing diterak angin wis nyebar ing separo bumi, saka Cina nganti ing Afrika Kidul.[3] Kadadeyan iki kadadeyan nganti 1 minggu lan awune nganti 10 km ing dhuwur parmukaan segara.[3]
Kedadeyan iki agawe akeh wong-wong padha mati lan uga akeh kéwan-kewan lan tanduran sing padha mati.[3] Miturut bukti DNA, mbledose kuwi ndadekake jumlah wong nganti sekitar 60% saka jumlah populasi wong-wong kang ana ing donya, yaiku kurang luwih 60 yuta manungsa.[3] Sakwise kuwi dadi ana kaldera sing diisi banyu lan saiki dikenal dadi Tlaga Toba.[3] Tekanan menyang dhuwur dening magma sing durung metu ndadekake muncul Pulo Samosir.[3]