Tlaga Retba

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lac Rose
Prau ing sadhuwuré tlaga
PernahTanjung Cap Vert
Koordhinat14°50′18.02″N 17°14′41.36″W / 14.8383389°N 17.2448222°W / 14.8383389; -17.2448222Koordhinat: 14°50′18.02″N 17°14′41.36″W / 14.8383389°N 17.2448222°W / 14.8383389; -17.2448222
Jinistlaga uyah
Negara Sénégal
Amba3 km2 (1 sq mi)
Kang jero dhéwé3 metres (9.8 ft)

Tlaga Retba utawa Lac Rose kang ateges Tlaga Jambon mapan ing saloré tanjung Cap Vert ing Sénégal, kang adohé kira-kira 30 km ing arah kidul-wétan Dakar. Warna jambon iki awit anané alga Dunaliella salina lan uga jalaran tlaga iki ngandhut 40% uyah.

Kahanan[besut | besut sumber]

Tlaga iki pisah saka Samodra Atlantik jalaran diwatesi déning gumuk wedhi. Kawastanan minangka Lac Rose utawa Tlaga Jambon jalaran saka anané alga Dunaliella salina. Alga iki ngasilaké pigmèn abang kang mèlu mbiyantu panyeseping cahya kang nyawisaké énergi kanggo nggawé ATP.[1] Warnané bakal katon cetha utamané nalika mangsa ketiga (saka Novèmber nganti Juni) lan warna bakalé katon lamat-lamat nalika mangsa rendheng (sasi Juli nganti Oktober).[2] Rerambanan samphire kang nduwèni warna jambon tuwuh subur ing gumuk wedhi putih lan gumuk wedhi soklat.

Uyah[besut | besut sumber]

Tlaga iki misuwur jalaran ngandhut wos uyah kang dhuwur, ya iku ing sawenèh papan wosing uyah bisa nganti 40% utamané jalaran dhesekan banyu sagara lan panguwaban. Saèmper kaya Sagara Mati, nalikané ana uwong nyemplung ing tlaga iki bakalé kemambang.[3][4][5]

Uyah diékspor menyang sakabèhané laladan kang dilklumpukaké déning 3.000 buruh lanang wadon saka Afrika Kulon. Buruh iku padha megawé sedina udakara 6-7 jam, lan padha njaga kulité mawa beurre de Karité utawa mertéga shea, ya iku emolien kang diasilaké saka kacang sheal kanggo njaga jaringan kulit supaya ora rusak. Uyah dipigunakaké déning para warigaluh Sénégal kanggo ngawètaké iwak, awit iwak iku kalebu pasugatan nasional. Déné pasugatan nasional thieboudienne iku awujud iwak lan sega.[3][6] Iwak kang urip ing Tlaga Retba wis adhaptasi kalawan kandhutan uyah kang dhuwur ing tlaga iki. Iwak iku padha ngembangaké cara kanggo ngompa uyah linuwih lan njaga lèvel banyuné supaya tetep imbang. Ukurané iwak iku mau luwih cilik tikel papat tinimbang iwak kag urip ing lingkungan normal.[7]

Warisan donya[besut | besut sumber]

Tlaga Retba nembé rinèken déning UNESCO amrih dadi Situs Warisan Donya.[6]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "HuffPost is now part of Verizon Media". consent.yahoo.com. Dibukak ing 2020-01-11.[pranala mati permanèn]
  2. "22 Epic Places You Didn't Know Existed". HuffPost. 2013-10-26. Dibukak ing 2020-01-11.
  3. a b "Danau Pink, Sensasi Wisata Apung di Senegal - VIVAlife". web.archive.org. 2012-08-14. Diarsip saka sing asli ing 2012-08-14. Dibukak ing 2020-01-11.
  4. "Lake Retba". Atlas Obscura (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-11.
  5. "How salt miners save Senegal's Pink Lake". BBC News (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-11.
  6. a b Eddy, Jody (2014-03-14). "Swim a Pink Lake in Senegal". Wall Street Journal (ing basa Inggris Amérika Sarékat). ISSN 0099-9660. Dibukak ing 2020-01-11.
  7. "Salt lake fish dwarfism, Senegal - Stock Image - C009/9001". Science Photo Library. Dibukak ing 2020-01-11.