Laut Mati
| Laut Mati | |
|---|---|
|
|
|
| Koordinat | 31°20′N 35°30′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 31°20′N 35°30′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Ilènan mlebu utama | Kali Yordan |
| Ilènan metu utama | ora ana |
| Dhaérah pangumpulan banyu | 41.650 km² (Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga sq mi)</noinclude> |
| Ana ing negara | Yordania Israel |
| Dawa maks. | 67 km (Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga mil)</noinclude> |
| Amba maks. | 18 km (Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga mil)</noinclude> |
| Wiyar lumahing tlaga | 810 km² (Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga sq mi)</noinclude> North Basin |
| Jero rata-rata | 118 m (387 ft)</noinclude> |
| Jero maks. | 378 m (1.240 ft)</noinclude> |
| Volume air | 147 km3 (35 cu mi)</noinclude> |
| Dawa pinggirané tlaga1 | 135 |
| Kadhuwuran lumahing tlaga | -422 m (-1.385 ft)</noinclude> |
| 1 Dawa pinggirané tlaga ora patèka cetha dhéfinisiné. | |
Laut Mati iku tlaga sing mbujur ing dhaérah antarané Israel, Dhaérah Otoritas Palestina lan Yordania.[1] Ing 417,5 m sangisoré lumahing laut, arupa titik paling asor ing lumahing bumi.[2] Laut mati ana ing wewatesan antarané Yordania lan bagéyan kulon Palestina, laut mati duwé titik paling asor ing bumi yaiku 1.300 kaki (400m) ing sangisoré lumahing laut laut.[2]
Sacara géologi laut mati kawangun telung yuta taun kepungkur nalika muncul retakan cilik ing Jordan Riff Valley ing endi banyu laut mlebu lan kakumpul, iklim garing lan évaporasi dhuwur ningkataké konsèntrasi mineral jroning banyu.[2] Uyah, kapur lan gypsum ana ing sadawané retakan iki lan mbentuk tlaga mawa kandhutan uyah paling dhuwur.[2]
Tlaga iki dijenengi laut mati amarga ora ana wangun kauripan sing bisa tahan jroning banyu uyah iki.[2] Laut mati duwé kandhutan uyah paling dhuwur saka kabèh laut ing donya.[3] Kadhar uyahé watara 32 % dibandhingaké marang kadhar garam rata-rata 3% ing Laut Mediteranian.[2] Kawit biyèn material sing ana jroning laut mati dikawruhi duwé èfèk kanggo nambah ayu kulit.[2] kanthi ngolèsaké lendhut iki menyang awak, mineral sing kakandhut ing njeroné kabukti bisa ndandani kulit, nglancaraké sirkulasi getih lan bisa mbiyantu kasehatan.[2] Bab iki wis suwé dikawruhi déning King Salomon, Cleopatra lan Herod the Great saéngga panjenengané nekani Laut Mati kanggo antuk èfèk kasebut.[2]
[sunting] Rujukan
[sunting] Pranala njaba
- (en) Situs resmi Israel
- (en) Ezekiel's Water Project
- (en) Race is on to save the Dead Sea
- (en) Dhokumèntèr ngenani Laut Mati
- (en) Multilateral project for sustainable water management in the lower Jordan Valley