The Fox and the Hound
| The Fox and the Hound | |
|---|---|
Poster layar jembar |
|
| Sutradara | Ted Berman Richard Rich Art Stevens |
| Produser | Ron Miller Art Stevens Wolfgang Reitherman |
| Panulis | Scenario: Ted Berman Larry Clemmons Crita: David Michener Peter Young Burny Mattinson Novel: Daniel P. Mannix |
| Paraga | Mickey Rooney Kurt Russell Pearl Bailey Pat Buttram Sandy Duncan Richard Bakalyan Paul Winchell Jack Albertson Jeanette Nolan John Fiedler John McIntire Keith Mitchell Corey Feldman |
| Musik déning | Musik latar: Buddy Baker Lagu: Richard Johnson Richard Rich Jim Stafford Jeffrey Patch |
| Panyunting | James Koford James Melton |
| Studio | Walt Disney Productions |
| Distributor | Buena Vista Distribution |
| Tanggal rilis | 10 Juli 1981 |
| Durasi | 83 menit |
| Negara | |
| Basa | Inggris |
| Anggaran | 12 miliar dolar AS[1] |
| Bathi reged | 39.9 miliar dolar AS[2] |
The Fox and the Hound ("Si Rubah lan Si Asu Parburon") kuwi sawijining film animasi prodhuksi Walt Disney Productions lan dirilis ing bioskop déning Buena Vista Pictures tanggal 10 Juli 1981. Film iki yaiku dadi film kaping 24 ing sérial film animasi klasik Walt Disney. Film iki digawé adhedhasar buku mawa judhul sing padha lan ditulis déning Daniel P. Mannix.
Plot film iki munjer marang sawijining asu parburon lan sawijining rubah abang sing usaha manggahaké tali kekancan senadyan loro-loroné iku sajatiné kudu satron. Skenarioné ditulis déning Ted Berman lan Larry Clemmons serta disutradarani déning Ted Berman lan Richard Rich.
Kurt Russell, Mickey Rooney, Pearl Bailey, Pat Buttram, Sandy Duncan, Richard Bakalyan, Paul Winchell, Jack Albertson, Jeanette Nolan, Keith Coogan, lan Corey Feldman mèlu ngisi swara film iki. Film iki macarita perkara sawijining rubah abang Tod sing wiwit cilik kélangan kulawargané lan diingu déning Janda Tweed kamangka tetanggané Amos Slade olèh sawijining anak asu paburon. Tod lan Copper wiwit cilik wis kekancan, nganti diwasa. Banjur Copper dilatih dadi asu paburon lan sasarané yaiku Tod, kancané dhéwé.
Nalika dirilis, film iki yaiku film animasi sing larang dhéwé sing naté digawé lan merlokaké béya gedhéné 12 yuta dolar AS. [1] Film iki film pungkasan "Animasi Klasik Walt Disney" lan uga sing pungkasan Don Bluth mèlu terlibat ing prodhuksiné. Sekuel film iki, The Fox and the Hound 2, dirilis ing taun 2006. Film iki nduwé slogan Two Friends Who Didn't Know They Were Supposed To Be Enemies.
Bab lan Paragraf |
Plot
Nalika anak rubah abang dadi yatim piatu, manuk beluk "Big Mama" (Pearl Bailey), manuk platuk "Boomer" (Paul Winchell), manuk finch "Dinky" (Richard Bakalyan) ngatur supaya anak rubah mau diadopsi déning manungsa yaiku Janda Tweed (Jeanette Nolan). Tweed njenengaké Tod (diswarakaké déning Keith Coogan) amarga ngèlikaké marang bocah cilik sing lagi ajar malku (basa Inggris: toddler). Sauntara kuwi, tanggané Tweed aran Amos Slade (Jack Albertson) nggawa mulih siji kirik pemburu sing jenengé Copper (Corey Feldman), lan ngenalaké marang asu ajagé sing jenengé Chief (Pat Buttram). Tod lan Copper dadi kanca raket, lan angkat sumpah arep dadi "kanca salawasé".
Distribusi
The Fox and the Hound ngalami peluncuran perdhana ing bioskop tanggal 10 Juli 1981. Sabanjuré film iki diluncuraké ulang tanggal 25 Maret 1988. Peluncuran perdhana jroning video format VHS tanggal 4 Maret 1994. Ing tanggal 2 Mei 2000 versi DVD diluncuraké kanggo sapisanan.
Jenengé para paraga
- Mickey Rooney lan Keith Coogan minangka Tod: anom rubah abang ibu sing wis diprejaya déning pemburu.
- Kurt Russell lan Corey Feldman minangka Copper: asu ajag anom.
- Pat Buttram minangka Chief: Sawijining asu Afghan hound sing ngancani Copper Tua
- Jeanette Nolan minangka Widow Tweed: Randha sing apik atiné
- Jack Albertson minangka Amos Slade: si penjahat.
- Pearl Bailey minangka Big Mama.
- Sandy Duncan minangka Vixey
- Richard Bakalyan lan Paul Winchell minangka Dinky lan Boomer
- John McIntire minangka Badger
- John Fiedler minangka Porcupine
Tanggal rilis
- Brasil: 16 Juli 1981
- Argentina: 23 Juli 1981
- Jerman Kulon: 13 November 1981
- Britania Raya: 17 November 1981
- Italia: 17 November 1981
- Manitoba: 23 November 1981
- Meksiko: 24 November 1981
- Perancis: 25 November 1981
- Spanyol: 27 November 1981
- Sweden: 5 Desember 1981
- Finlandia: 11 Desember 1981
- Belanda: 24 Desember 1981
- Australia: 26 Desember 1981
- Hong Kong: 14 Januari 1982
- Portugal: 18 Februari 1982
- Norway: 22 April 1982
- Jepang: 12 Maret 1983
- China: 31 Oktober 1989
Daftar musik film
- The Best of Friends
- Lack of Education
- A Huntin' Man
- Goodbye May Seem Forever
- Appericate the Lady
Direksi Sequence
Referensi
- ^ a b Ansen, David (13 Juli 1981). "Forest Friendship". Newsweek: 81.
- ^ "The Fox and the Hound (1981)". Box Office Mojo. http://boxofficemojo.com/yearly/chart/?yr=1981&p=.htm. Retrieved 2008-09-20.
Pranala jaba
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |