The Da Vinci Code (film)
| The Da Vinci Code (film) | |
|---|---|
| Sutradara | Ron Howard |
| Produser | Brian Grazer, John Calley |
| Panulis | Dan Brown (novel) Akiva Goldsman (skenario) |
| Paraga | Tom Hanks Audrey Tautou Ian McKellen Alfred Molina Jürgen Prochnow Paul Bettany Jean Reno |
| Musik déning | Hans Zimmer |
| Sinematografi | Salvatore Totino |
| Panyunting | Daniel P. Hanley Mike Hill |
| Distributor | Sony Pictures Entertainment, Columbia Pictures |
| Durasi | 149 minutes (theatrical cut) 174 minutes (extended version) |
| Negara | Amérika Sarékat |
| Anggaran | US$125.000.000 |
| Bathi reged | $758,239,851 |
The Da Vinci Code inggih punika film saking novel The Da Vinci Code dening Dan Brown ingkang dipunrilis tanggal 19 Mei 2006, lan nate dipunputer tanggal 17 Mei ing Festival Film Cannes. Hak pendamelanipun film inggih punika $6.000.000 USD. Sutradaranipun inggih punika Ron Howard. Hans Zimmer dados penata musik kagem film punika.
Sutingipun film punika ing gereja sepuh abad pertengahan ing dhaerah Midlothian, Skotlandia. Kagem proses syuting film ingkang dipunadaptasi langsung saking novel best-seller internasional karya Dan Brown, Kapel Rosslyn ingkang wonten ing caketipun Edinburgh kapeksa dipuntutup kagem publik ingkang dangunipun 4 dinten.
Ing film punika, aktor Tom Hanks gadhahi peran dados Professor Robert Langdon. Lajeng Audrey Tautou, ingkang misuwur ing film AMELIE dados peran dekteftif Perancis, Sophie Neveu. Sutradara Ron Howard ingkang sukses damel film APOLLO 13 lan CINDERELLA MAN ingkang ngarahaken proses produksi film kontroversial punika.
Asma kapel Rosslyn ingkang dumugi ing abad 15 punika, kasebat ing novel 'Da Vinci Code' dados papan kagem nyimpen rahasia 'Holy Grail'. Lajeng kathah tiyang ingkang cacahipun kirang langkung 70 ewu dumugi wonten ngrika kagem ningali kados menapa rupa kapel sejarah punika.
Ing criyos novel punika Brown damel korelasi misteri pamejahan ing Paris kanthi kathah petunujuk saking lukisan Leonardo Da Vinci ingkang ngarahaken panyidikan ing paguyuban rahasia ingkang dipunwentuk kagem nglindungi katurunan saking Yesus Kristus lan Maria Magdalena.
Sinaosa pikantuk duka saking pihak Gereka Katolik lan kathah pakar sejarah, buku karangan Brown kasade ngantos 25 yuta kopi ing sedaya donya. Novel punika sampun dipunterjemahaken dados 44 basa.[1]
Paraga [sunting]
- Tom Hanks — Robert Langdon
- Ian McKellen — Sir Leigh Teabing
- Alfred Molina — Uskup Aringarosa
- Jean Reno — Bezu Fache
- Audrey Tautou — Sophie Neveu
- Jean-Pierre Marielle — Jacques Sauniere
- Paul Bettany — Silas
- Hugh Mitchell — Silas (muda)
- Jean-Yves Berteloot — Remy
- Jürgen Prochnow — Vernet
- Etienne Chicot — Letnan Collet
- Seth Gabel — Cleric
Pranala Njaba [sunting]
- (en) Situs resmi
- (en) Situs rahasia resmi
- (en) Trailer resmi pertama
- (en) Tanggal rilis di seluruh dunia
- (en) The Da Vinci Code di Internet Movie Database
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (id)www.kapanlagi.com(dipuntingali tanggal 19 Februari 2012)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.