Columbia Pictures
| Jenis | Subsidiari |
|---|---|
| Industri | Film |
| Didirikan | Los Angeles, California, Amerika Serikat (Mei 1919 CBC Film, ganti jeneng dadi Columbia Pictures, wiwit 1924) |
| Kantor pusat | Culver City, California, USA |
| Pemilik | Swasta (1919-1926) Publik (1926-1982) Coca-Cola Co. (1982-1987) Columbia Pictures Entertainment, Inc. (1987-1989) Sony (1989-kini) |
| Induk | Columbia TriStar Motion Picture Group |
| Situs web | www.sonypictures.com |
Columbia Pictures Industries, Inc. yaiku perusahaan saka Amérika Sarékat kang mrodhuksi film lan acara tivi.[1] Yaiku bagéyan Columbia TriStar Motion Picture Group, kang diduwèni Sony Pictures Entertainment.[1] Sony Pictures yaiku bagian perusahaan Sony saka Jepang.[1]
Sejarah [sunting]
Sadurungé perusahaan iki dimulai, Cohn-Brandt-Cohn Film Sales yaiku studio film kang dikembangaké déning Harry Cohn.[1] CBC Film Sales diadegé nalika taun 1919 déning Harry Cohn, Jack Cohn lan Joe Brandt.[1] Bradnt kuwi présidèn pisanan CBC Film Sales kang tugasé bagian pangadolan lan distribusi saka Hollywood, dibantu Harry Cohn lan Jack Cohn.[1] Akèh studio-mènèhi anggaran dhuwur.[1]
Nalika taun 1924, Harry Cohn njabat dadi présidèn.[2] Wiwit kuwi organisasi kasebut dijenengké "Columbia Pictures Industries, Inc.".[2] Organisasi iki tugasé mproduksi film-film saka Hollywood.[2] Salah siji tugasé yaiku bekerja bareng Walt Disney Productions.[2] Lan uga ngedol film kang wis digawé.[2]
Ing Pungkasan era 1930-an, Columbia Pictures ngedegaké Screen Gems dadi studio animasi film kartun unggulan, Krazy Kat, Scrappy, The Fox and the Crow lan Li'l Abner.[2]
Nalika perusahaan iki mandeggé panganggoan merk Screen Gems, perusahaan iki uga mproduksi acara kartun.[2] Ing taun 1948, perusahaan iki netepaké jeneng Screen Gems kanggo jaringan produksi tivi.[2] Ing era 1950-an, perusahaan iki mandegge serial mini.[2] Perusahaan iki tambah maju ing saben taun.[2]