Tübingen
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Statistik | |
|---|---|
| Negara bagéyan: | Baden-Württemberg |
| Regierungsbezirk: | Tübingen |
| Region: | Neckar-Alb |
| Distrik: | Tübingen |
| Wiyar wilayah: | 108.12 km² |
| Pedunung: | 83.137(31 Desember 2002) |
| Kapadhetan pedunung: | 764/km² |
| Kadhuwuran: | 338 m |
| Kodhe pos: | 72001-72999 |
| Kodhe wilayah: | 07071 |
| Papan: | |
| Kodhe munisipal: | 08416041 |
| Plat montor: | TÜ |
| Pambagéyan kutha: | 17 distrik |
| Alamat pamaréntahan kutha: | 1 Am Markt 72070 Tübingen |
| Situs web: | www.tuebingen.de |
Tübingen, sawijining kutha univèrsitas sing tradhisional ing Baden-Württemberg, Jerman, mapan 30 km sakidul-kuloné Stuttgart, sapinggiré Kali Neckar lan Ammer. Kutha iki kanggo minangka kalenggahan Distrik Administratif saka Tübingen, sarta kabupatèn Tübingen.
Ing taun 2002 kutha iki duwé 82.885 pedunung, kalebu mahasiswa sing gunggungéwatara 22.000 wong. Tübingen iku campuran antarané donya akadhemik sing tuwa lan misuwur, klebu pulitik liberal lan fraternitas gaya Jerman, kanthi unsur-unsur padésan, tetanè sing khas Swabia. Kutha iki duwé akèh gedhung sing éndah sing asalé saka maabad-abad biyèn, lan papané ing sapinggiré Kali Neckar.
Taun 1995, mingguan Jerman, "Focus" nerbitaké sawijining survai nasional sing nelakaké yèn Tübingen nduwèni kualitas urip sing paling dhuwur ing antarané kabèh kutha ing Jerman.
Univèrsitas Eberhard Karls ing Tübingen didegaké taun 1477, saéngga dadi salah sawijining univèrsitas paling tuwa ing Jerman. Tübingen dhéwé wis madeg wiwit abad kaping 6 utawa abad kaping 7.
Pedunung Tübingen sing misuwur antarané yaiku panyair Friedrich Hölderlin, Alois Alzheimer saka jenengé iku dipukantuk jeneng panyakit Alzheimer, Friedrich Miescher wong pisanan sing nemokaké DNA, lan Wilhelm Schickard sing ngembangaké komputer mekanis pisanan. Hegel lan Johannes Kepler sinau ing Tübingen, lan Joseph Alois Ratzinger (saiki Paus Beneditus XVI) nglenggahi kursi profesor teologi dogmatis ing Univèrsitas kutha iki. Ing kutha iki mapan tokoh-tokoh internasional kayata filsuf Ernst Bloch, teolog Hans Küng, pangarang misuwur Walter Jens, uga Christiane Nüsslein-Volhard, pamenang Hadiah Nobel kanggo kadhokteran.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Papan
[sunting] Distrik
- Bebenhausen
- Bühl
- Derendingen
- Hagelloch
- Hirschau
- Kilchberg
- Kreßbach
- Lustnau
- Nordstadt
- Pfrondorf
- Südstadt
- Unterjesingen
- Weilheim
- Weststadt
[sunting] Gunggung padunung ing sajarah
|
|
|
¹ asil sensus
[sunting] Kutha kembar
Ann Arbor, Michigan, iku kutha kembar Tübingen ing Amérika Sarékat. Kutha-kutha kembar Tübingen liyané yaiku Aix-en-Provence (Prancis), Monthey (Swiss), Durham (Britania Raya), Aigle (Swiss), Perugia (Umbria, Italia), lan Petrozavodsk (Karelia, Rusia).
[sunting] Pranala njaba
- (de) Situs resmi kutha
- (de) (en) Univèrsitas Eberhard Karls
- (de) Informasi plesiran
- (en) Kaca Tübingen saka Dhéwan Pariwisata Nasional Jerman
- (de) Tip ngenani Tübingen
- (en) Tübingen, kutha budaya
- (de) TÜzilla Tübingen Proyèk Direktori Binuka lembaran awal