Sasando
Sasando yaiku piranti musik tradhisional saka Rote kang bisa ngasilake swara kombinasi saka piranti musik liyané yaiku harpa, piano, lan gitar.[1] Sasando mujudake telung piranti musik ing sajroning siji rytm, melodi, lan bass. [1]
Dadi senajan piranti musik tradhisional, universalitas sasando bisa ing sakabehané.[1] Wujude sasando memper karo perangkat musik petik liyane kayata gitar, piyul, lan kecapi. [2] Bageyan utama sasando awujud tabung dawa kang padatan digawe saka pring.[2] Bageyan tengahe, mlungker saka ndhuwur mengisor diwenehi ganjelan supaya senar-senar kang dipenthang ing tabung bisa ana jaganane.[2] Ganjelan-ganjelan iki bisa ngasilake nada kang bedha ing saben-saben ungeling senar.[2] Tabung sasando diglethakake sajroning wadhah kang digawe saka anyaman godhong lontar kang digawe kaya kipas.[2] Wadhah iki minangka papan resonansi sasando.[2] Sasando nduwe senar kang akeh.[2] Sasando kang nduwe senar cacahe 28 diarani Sasando Engkel.[2] Dene sasando kang cacahe senar 56 (ana uga kang 84 senar) diarani Sasando Dobel.[2] Cara ngunekake sasando iku kayadene gitar yaiku dipetik.[2] Sasando diunekake nganggo tangan loro, kiwa manengen lan tengen mangiwa.[1] Tangan kiwa kanggo ngungelake melodi lan bass, dene kang tengen kanggo ngungelake akord.[1] Saiki, sasando wis akeh dimodifikasi wujude miturut kapreluane.