Gitar
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Gitar iku piranti musik mawa senar utawa dawai sing dimainaké nganggo driji tangan utawa nganggo plektrum (piranti petik gitar saka plastik). Swara dikasilaké saka senar-senar sing gumeter. Pérangan utama saka sawijining gitar yakuwi: awak gitar (body), stang (fretboard) lan senar. Gitar biasa digawé saka kayu lan nduwèni senar saka plastik utawa kawat. Akèh-akèhé gitar nduwèni enenm senar, nanging ana uga sing nduwèni 4, 7, 8, 10 utawa 12 senar. Gulu gitar dipasangi tandha sing digawé saka wesi sing diarani fret, gunané minangka pituduh kanggo masang driji supaya ngasilaké nada tinamtu. Gitar bisa arupa gitar akustik utawa listrik, utawa gabungan kaloroné.
[sunting] Etimologi
Tembung gitar dijupuk saka tembung Basa Spanyol guitarra ing taun 1600an. Ing jaman abad tengahan tembung gitter utawa gittern dipigunakaké ing Inggris. Tembung guitarra lan gitter asal saka tembung Basa Latin cithara. Tembung cithara asal saka tembung kithara. Kithara bisa dijupuk saka tembung ing jaman kakaisaran Persia sihtar[1]. Sihtar dhéwé magepokan karo piranti musik saka India, yakuwi sitar.
[sunting] Referensi
- ↑ Online Etymology Dictionary. URL diaksès tanggal 2007-09-21
[sunting] Pranala jaba
- (id) Portal Komunitas Gitaris Indonesia
- www.guitar.ch
- Stalking the Oldest Six-String Guitar
- Guitar physics
- International Guitar Research Archive
- The first rock guitars
- Online Guitar Tuner - Standard Tuning.
- www.guitar.ch - guitar theory reference site.
- Urban Guitar - Interviews
- Modern Guitarist - News, reviews and articles.
- Guitar Albums Collection - World of Instrumental Music
| Artikel perkawis musik punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |