Petra
| Petra | |
|
Petra
|
|
| Location: | Ma'an Governorate, Jordan |
| Coordinates: | 30°19′43″N 35°26′31″E / 30.32861°N 35.44194°EKoordinat: 30°19′43″N 35°26′31″E / 30.32861°N 35.44194°E |
| Elevation: | 810 m (2,657 ft)</noinclude> |
| Settled: | 7000 BC[1] |
| Built: | 1200 BC[1] |
| Visitation: | 580,000Cithakan:Sp(in 2007) |
| Governing body: | Petra Region Authority |
| colspan=2 align=center style="background-color:Cithakan:Designation"|Cithakan:Designation | |
| Type: | Cultural |
| Criteria: | i, iii, iv |
| Designated: | 1985 (9th session) |
| Reference #: | 326 |
| State Party: | Jordan |
| Region: | Arab States |
| Website: | www.petrapark.com |
| Pitu Kaajaiban Donya Kuna |
|---|
Petra yaiku salah sawijining 7 kaajaiban donya anyar sing panggoné ing Yordania.[2] Kadadéyan iki ngélingaké wis majuné tèknik pembangunan lan peradaban manungsa ing jaman biyèn.[2] Kaya bangunan sing uga apik (tuladhane : Piramida Giza, Taman gantung, Piramida Meksiko, lsp) sing kalebu bangunan sing nduweni sajarah.[2] Megahé bangunan petra iki, amarga kutha iki ngadege karo natahi tembok-tembok watu. Petra asale saka basa yunani sing artine watu.[2] Petra yaiku simbol teknik lan pengamanan.[2] Tembung dijipuk ing bangunan kuthane sing digawe saka watu-watu ning Wadi Araba, yaiku lembah cadhas ning Yordania, éloké kutha iki amarga nganggo didhudhuk lan ngukir cadhas sing dhuwuré 40 meter.[2] Petra yaiku ibu kuthané Kedhaton Nabatean.[3] Ngadegke inf taun 9 SM-40 M saka Raja Aretas IV dadi kutha sing angèl ditembus mungsuh lan aman saka kahanan alam kaya badai wedhi. Suku Nabatean mbangun Petra nganggo sistem pengairan sing ribet. Eneng terowongan banyu lan bilik banyu resik menyang kutha, saengga bisa kanthi nyegah banjir bandang.[3] Uga nduweni teknologi hidrolik kanggo ngangkat banyu.[3] Ning njerone bangunan Petra iki uga eneng panggonan kanggo teater {gedhong urun rembug/pementasan) sing bisa nampung 4000 uwong. Saikiki, [[Makam Hellenistis sing nduwèni dhuwur 42 mèter isih kukuh ngadeg impresif ning kana.[3] Bangunan iki dadi kuthané suku Nabatian, yaiku kutha sing panggoné kurang luwih leté 3-5 jam liwat dalan dharat saka Kutha Amman, Yordania, mbiyèn dadi ibu kuthane Suku Nabatean, salah sawijining suku sing sakrumpun karo bangsa Arab sing wis urip sakdurungé mlebuné Bangsa Romawi.[3] Sunyatane, asal-usul Suku Nabatean ora eneng sing ngerti. Amarga kondhangé dadi suku sing senengané ngumbara ing ngendi-endi nganggo unta lan wedhus.[3]