Kuil Artemis
37°56′59″N 27°21′50″E / 37.94972°N 27.36389°E
Kuil Artemis, (abasa Yunani: Ἀρτεμίσιον Artemision, Latin: Artemisium).[1] Samenika kuil kangge dewi Artemis ingkang wonten ing tlatah Efesus (saniki Turki)[2] Yunani kuna[3] dipunbangun laminipun 120 taun[3]. Dawanipun kuil 425 kaki (129 meter), wonten pinten kolom ingkang ngangge marmerasli.[2] [4] dipunbangun nalika dinasti Achaemenid[4] saking kakaisaran Persia.[5] Nembe dados nalika taun 550 saderengipun masehi dening raja nalika amarintah tlatah kasebat.[6] ananging pinten abad sasampunipun dados, kinten-kintan 200 taun sasampunipun (356 saderengipun masehi)[3], miturut sumber sanes, kuil kasebat dipunbangun kinten-kinten taun 323 SM.[2] kuil kasebat dipunbakar dening tiyang jaler ingkang mados katenaran.[6], tiyang menika asmanipun Herostratos ingkang anggadhahi pepenginan supados dipuneling ngantos salami-laminipun.[3] Kuil kasebat dipunbangun kemalih nalika Alexander Agung sampun ninggal dunya nalika taun 323 SM, namung dipun rusak kemalih dening Goth taun 268 SM.[3] Lajeng, kuil kasebat dipundandosi kemalih dening Efesus (asma tiyang) ugi dipunrusak ingkang terakhir nalika taun 391 dening sagerombolan tiyang ingkang dipunpimpin kaliyan St John Crysostom.[3] Watu saking kuil Artemis dipundamel bangunan sanesipun, ugi bangunan Hagia Sophia wonten tlatah Istambul.[3]
Nalika taun 1900-an dipunpanggihi fragmen ingkang saniki saget dipunpirsani wonten Britsh Musium, London, Inggris ingkang dipunangsal saking pangerukan.[3] Situs kuil sanesipun saget dipun pirsani wonten njawinipun Selcuk, Turki utawi mirsani model mini ing Miniatur Park, Istambul.[3] Amargi saniki kuil kasebut sampun hancur.[5]
Efesus punika 3 kilometer sebelah lor kutha Selcuk utawi kintten-kinten 50 kilometer saking İzmir.[7]
Kaajaiban kuna ing dunya [sunting]
Kuil Artemis samenika salah satunggaling kaajaiban kuna ingkang wonten ing dunya, tunggalipun saking [5] [3]:
- Piramida Agung Giza (Mesir taun 2500 SM),
- Taman Gantung Babilonia (Al Hillah, Bibil, Irak taun 600 SM),
- Patung Zeus ing Olympia, Yunani ( 435-433 SM)
- Mausoleum Mausolus (Bodrum, Turki taun 350 SM),
- Colossus Rodos (Rhodes, Yunani taun 290 SM) ugi
- Mercusuar Iskandariyah utawi Mercusuar Alexsandria (Alexsandria, Mesir taun 280 SM).
Kuil kagem Dewi Artemis [sunting]
Kuil ingkang kapisan hambokmenawi dipunbangun nalika taun 800-an SM, ing rawa caket kaliyan lepen Efesus.[2] Dewi Artemis uga dipung tepang Diana, dewi Artemis Yunani punika dewi pemburuan sanes kaliyan dewi Artemis Efesus (dewi kasuburan) asring diwujudaken putri ingkang dipunwungkus tigan (endog) utawi payudara ingkang luwih saking kalih, simbol kasuburan.[2]
Cathetan [sunting]
- ^ (id)Kuil Artemis dioununduh tanggal 28 Mei 2011
- ^ a b c d e (en)musium ephesus dupununduh tanggal 28 Mei 2011
- ^ a b c d e f g h i j (id)kunjungan ke-tujuh keajaiban dunia dipununduh tanggal 28 Mei 2011
- ^ a b (id)tempat menarik kuil artemis dipununduh tanggal 28 Mei 2011
- ^ a b c (id)media hidu dipununduh tanggal 28 Mei 2011
- ^ a b (id)kaajaiban kuna ing dunya dipununduh tanggal 28 Mei 2011
- ^ (id)info kota Efasus dipununduh tanggal 28 Mei 2011
| Pitu Kaajaiban Donya Kuna |
|---|