Paré
| Peria/Paré | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Violales |
| kulawarga: | Cucurbitaceae |
| Genus: | Momordica |
| Species: | M. charantia |
| Jeneng binomial | |
| Momordica charantia Descourt. |
|
Paré yaiku jeneng tandhuran mrambat kang uripé ana ing tlatah tropis kang asalé saka tlatah Asia Tropis kang paling utama saka tlatah India kulon, yaiku Asam lan Burma.[1] Tandhuran janganan iki yaiku salah sijiné kagolong ana ing tandhuran labu-labuan utawa Cucurbitaceae. Kang mumpangaté bisa di gawé kanggo janganan lan tandhuran obat.[2] Jeneng Momordica kang ana ing tandhuran binomial basa latin artiné "cokotan" kang nunjukake ana ing godhong tandhuran kang kagolong ing Momordical .[3]
Bab lan Paragraf |
Jeneng paré kang ana ing Indonésia [sunting]
Paré uga ana ing tlatah Jawa asring kasebut paria, paré, paré pait, peparéh [4]. Ing Sumatera, paré asring kasebut karan jeneng prieu, fori, pepare, kambeh, paria.[4] Wong Nusa Tenggara nyebutake paya, truwuk, paitap, paliak, pariak, pania, lan pepule, lan ing Sulawesi, karan poya, pudu, pentu, paria belenggede, serta palia.[4]
Macem-macemé paré [sunting]
Paré gajih yaiku paré kang akèh ditandhur lan disenéngi. Paré iki kagolong paré pethak utawa paré mertéga kang asalé saka India lan Afrika kang wujudé woh kurang luwih dawané 30 - 50 cm, garis tengah (diameter) 3 - 7 cm, bobot antarané 200-500 gram/ woh.[1]
Paré ijo bentuké lonjong, cilik lan warnanée ijo lan kulité woh kasar lan alus. Paré iki nduwèni dawa 15 - 20 cm, rasané pait lan dagingé kang ana ing woh tipis. Paré ijo iki gampang opènané lan tandhurané, bisa uga ora di lanjari nanging bisa mrambat.
Peria ula/sawer utawa paré welut bisa diketarani ana ing wujudé woh kang bunder dawa lan mlengkung kurang luwih 60 cm.[1] kulit kang ana ing wohé warnané belang-belang, yaiku ijo karo putih kaya kulit ula/sawer lan rasa dagingé ora pait.[1]
Gunané Paré [sunting]
nglancaraké pencernaan, sembelit, nyegah kerutan ing kulit, zat kalium ing pare bisa nyegah hipertensi, zat karoten bisa kanggo ngobati mata lara.
Rujukan [sunting]
- ^ a b c d Rospita (2002), written at Tasikmalaya, Pare Kehidupan kagolong tetandhuran Lobak(Rapharus sativus), Program Studi Pendidikan Biologi Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendidikan Universitas Siliwangi
- ^ Sriutami, Sinta (2008), written at Bogor, Efek Pemberian Tepung Buah Pare (Momordica charantia l.) Terhadap Profil Lemak Serum Darah Tikus (Rattus norvegicus), Program Studi Ilmu Nutrisi Dan Makanan Ternak Fakultas Peternakan Institut Pertanian Bogor
- ^ (en)Sathish Kumar, D.; Vamshi Shrathnath (Maret-April). "A Medicinal Potency ff Momordica Charantia". International Journal of Pharmaceutical Sciences Review and Research 1 (2): 95-100. ISSN 0976 – 044X. http://globalresearchonline.net/volume1issue2/Article%20018.pdf. Retrieved 15 Juni 2010.
- ^ a b c Situs Sentra Informasi Iptek: Pare diakses 15 Juni 2010