Newcastle upon Tyne
- Kanggo kagunan liya, delengen Newcastle.
Newcastle upon Tyne (biasa disingkat Newcastle), iku sawijining kutha lan distrik metropolitan ing Tyne and Wear, Inggris. Kutha iki duwé populasi 269.500 jiwa (2004). Senajan mangkono, tangga paling cerak, North Tyneside (kanthi populasi 190.000), South Tyneside (populasi 150.000) lan Gateshead (populasi 200.000) silih gegandhèngan kenceng, lan asring dianggep minangka bagéyan saka kutha Newcastle. Kapapat wilayah iki, bebarengan karo kutha Sunderland (populasi 270.000), mbentuk wilayah metropolitan county Tyne & Wear.
Miturut sajarahé, wong sing asalé Newcastle disebut sacara formal, utamané déning wong njaba minangka Novocastrians. Nanging, sebutan Geordie luwih akèh dipigunakaké saiki minangka sebutan informal lan akrab kanggo pedunung Newcastle, saliyané uga dipigunakaké kanggo nyebut wong Tyneside sacara umum. Wong-wong sing manggon ing kawasan North East (lor-wétan Inggris) ora perduli yèn diundang Geordies, nanging wong njaba biasané ora mbédakaké, lan nyebut kabèh dhaérah iku minangka Geordieland.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Warga misuwur
- Admiral Lord Cuthbert Collingwood (1748-1810), wakil Admiral Lord Horatio Nelson ing Trafalgar
- Charles Grey, 2nd Earl Grey of Howick (1764-1845), Perdhana Mentri Inggris (1830-1834)
- George Stephenson, panemu lokomotif uap lan lampu bebaya
- Robert Stephenson, anaké George Stephenson lan nemokaké lokomotif uap bebarengan bapané
- Gordon Sumner (Sting), mantan vokalis lan pamain bass The Police
- Andy Taylor, pamain bass grup musik Duran Duran
- Jack Charlton, pamain tim nasional Inggris lan klub Newcastle United
- Bobby Charlton, kaptèn tim nasional Inggris nalika njawarani Piala Donya 1966 lan pamain klub Newcastle United
- Jackie Milburn (1924-1988), pamain tim Newcastle United
- Paul 'Gazza' Gascoigne, striker tim nasional Inggris
- Peter Beardsley, pamain tim nasional Inggris
- Alan Shearer, kaptèn tim nasional Inggris lan pamain klub Newcastle United
- Patrick Kluivert, kaptèn tim nasional Walanda lan pamain klub Newcastle United
- Michael Owen, striker tim nasional Inggris lan pamain klub Newcastle United
[sunting] Kutha kembar
- Bergen – Norwegia
- Groningen – Belanda
- Gelsenkirchen – Jerman
- Nancy – Prancis
- Taiyuan – Republik Rakyat Cina
- Atlanta – Amérika Sarékat
- Haifa – Israel
- Newcastle – Australia – ing kali Hunter
[sunting] Pranala njaba
- (en) Situs resmi
- (en) Citra satelit kreteg ing kali Tyne
- (en) Tyne & Wear Museums
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Kaluputan sitat (pangutipan) Tag
<ref>ora absah; ora ditemokaké tèks kanggo ref mawa jenengpop
