Muhammad Iqbal
| Filsafat Islam Era modern |
|
|---|---|
|
Jeneng |
Muhammad Iqbal |
|
Lair |
9 November, 1877 ing Sialkot |
|
Pati |
|
|
Aliran/tradisi |
|
|
Kawigatèn utama |
|
|
Gagasan wigati |
|
|
Mènèhi pengaruh marang |
Aristotle, Rumi, Goethe, Nietzsche. Plato, Alfred North Whitehead |
|
Kena pengaruh saka |
Gerakan Pakistan, Ali Shariati, Khalilollah Khalili, Jawdat Said |
Hazrat Allama Dr Sir Muhammad Iqbal (Punjabi, (9 November 1877 Sialkot – 21 April 1938 Lahore) iku sawijining pujangga basa Persia lan Urdu, filsuf lan politisi[1] sing kanthi pamikirané dadi landhesan kamardikan wong Muslim seka jajahan Inggris lan madeg negara dhéwé, yaiku Pakistan.
Sawisé sinau ing Cambridge, Munich, lan Heidelberg, Iqbal dadi pengacara nanging ora dadi laku padinan sing diugemi. Iqbal luwih seneng nulis perkara politik, ekonomi, sejarah, filsafat, lan agama. Dhèwèké luwih kondhang perkara puisi, klebu Asrar-e-Khudi, Rumuz-e-Bekhudi, lan Bang-e-Dara.
Kadadean Sakjroning Uripé Muhammad Iqbal
| Tahun | Kadadean |
|---|---|
| 1877 M | Muhammad Iqbal lahir ing Sialkot, Punjab tanggal 9 Novembaer |
| 1905 M | Muhammad Iqbal Mulai sinau ana ing Eropa, Inggris, Jeraman |
| 1907 M | Muhammad Iqbal nguatake désertasiné kanthi judul The development of Metaphysics in Persia |
| 1908 M | Muhammad Iqbal mbalékake Lahore sakwise sinau ing negara liya |
| 1922 M | Muhammad Iqbal kantuk gelar Sir |
| 1930 M | Muhammad Igbal kapilih ing Liga Muslim India |
| 1931 M | Muhammad iqbal teka ana ing Konferensi Meja Bunder |
| 1933 M | Muhammad Iqbal lunga ing Afganistan kanggo ngawé Universitas Kabul |
| 1938 M | Muhammad Iqbal wafat (pati) |
Cathetan Sikil[sunting]
- ^ Bhatti, Anil (2006-06-28). "Iqbal and Goethe" (PDF). Yearbook of the Goethe Society of India. http://www.goethezeitportal.de/fileadmin/PDF/db/wiss/goethe/bhatti_iqbal.pdf. Retrieved 2006-06-28.