Marilyn Monroe
| Marilyn Monroe | |
|---|---|
| Lair | 1 Juni 1926 Los Angeles, California |
| Tilar donya | 5 Agustus 1962 Los Angeles, California |
| Pagawéyan | Model, penyanyi, aktris |
| Agama | Yahudi |
| Garwa | James Dougherty, Joe DiMaggio, Arthur Miller |
| Website | |
| http://www.marilynmonroe.com | |
Marilyn Monroe (1 Juni 1926 - 5 Agustus 1962) sing lair kanthi jeneng Norma Jeane Mortenson iku sawijining aktris, penyanyi lan uga modhèl misuwur asal Amérika Sarékat. Nganti saiki, panjenengané arupa bintang film lan simbol sèks paling misuwur ing abad kaping 20. Sosoké iku inspirasi kanggo akèh bintang-bintang anyar ing mangsa saiki kaya sing katon cetha ning aktris Madonna ing awal kariré.
Sawisé pérangan taun mainké peran-peran cilik, Marilyn Monroe dadi saya misuwur marang kaahliané main komedi, kasulistyané sarta penampilané ing layar amba, saéngga panjenengané dadi salah siji bintang film sing populèr banget nalika taun 1950an. Ing tembe wuri jroning kariré, Marilyn Monroe nglakoni sapérangan peran serius sing cukup suksès. Nanging nalika panjenengané ora sempat antuk Academy Award minangka pengakuan dhiriné minangka aktris "serius", mung Golden Globe sing tau digayuh liwat film "The Misfits" nalika taun 1961 sing jebulé arupa film pungkasan sing panjenengané rampungaké.
Senadyan mangkono, permasalahan sing nyangkut karir uga kauripan pribadiné dadi saya buruk lan rumit. Kauripan Marilyn Monroe pungkasané ngenesaké, panjenengané ditemokaké tiwas ing omahé sing dipercaya minangka akibat tindakan nglalu amarga overdosis ngombé obat turu. Tekan saiki, manéka téori konspirasi nyangkut painé Marilyn isih dadi pokok pembahasan khususé kanggo para penggemaré wiwit saka terlibaté keluwarga Kennedy kanggo matèni Marilyn tekan téori yèn Marilyn Monroe dipatèni déning Mafia.
Marilyn Monroe dhéwé dadi inspirasi kanggo akèh musisi jroning makarya, contoné Elton John sing nyiptakaké lagu "Candle in the Wind (1974)" uga grup rock Def Leppard sing ndhèdhikasikaké lagu "Photograph" saka album "HYSTERIA" (1981) kanggo sang legenda.
Tekan saiki salah siji ikon pop sing paling ditepungi donya iku sosok Marilyn sing ngadeg ing sandhuwuré saluran udhara subway mawa rok sing megar.
Film [sunting]
| Taun | Judhul | Peran | Katrangan |
| 1962 | Something's Got to Give | Ellen Wagstaff Arden | (unfinished) |
| 1961 | The Misfits | Roslyn Tabler | |
| 1960 | Let's Make Love | Amanda Dell | |
| 1959 | Some Like It Hot | Sugar Kane Kowalczyk | |
| 1957 | The Prince and the Showgirl | Elsie Marina | |
| 1956 | Bus Stop | Cherie | |
| 1955 | The Seven Year Itch | The Girl | |
| 1954 | There's No Business Like Show Business | Vicky Hoffman/Vicky Parker | |
| 1954 | River of No Return | Kay Weston | |
| 1953 | How to Marry a Millionaire | Pola Debevoise | |
| 1953 | Gentlemen Prefer Blondes | Lorelei Lee | |
| 1953 | Niagara | Rose Loomis | |
| 1952 | O. Henry's Full House | Streetwalker in "The Cop and the Anthem" episode | |
| 1952 | Monkey Business | Miss Lois Laurel | |
| 1952 | Don't Bother to Knock | Nell Forbes | |
| 1952 | We're Not Married! | Annabel Jones Norris | |
| 1952 | Clash by Night | Peggy | |
| 1951 | Let's Make It Legal | Joyce Mannering | |
| 1951 | Love Nest | Roberta Stevens | |
| 1951 | As Young as You Feel | Harriet | |
| 1951 | Home Town Story | Gina Norris | |
| 1950 | Right Cross | Dusky Ledoux | (uncredited) |
| 1950 | All About Eve | Miss Caswell | |
| 1950 | The Fireball | Polly | |
| 1950 | The Asphalt Jungle | Angela Phinlay | |
| 1950 | A Ticket to Tomahawk | Clara | (uncredited) |
| 1949 | Love Happy | Grunion's Client | |
| 1948 | Ladies of the Chorus | Peggy Martin | |
| 1948 | Scudda Hoo! Scudda Hay! | Girl in Canoe (lake scenes)/Girl Exiting Church | (uncredited) |
| 1947 | Dangerous Years | Evie |
Bebungah lan nominasi [sunting]
- 1952 Photoplay Award: Bebungah Khusus
- 1953 Photoplay Award: Bintang Wanita Paling Populèr
- 1956 BAFTA Film Award (Inggris): nominasi Aktris Manca Negara Paling Apik (The Seven Year Itch)
- 1956 Golden Globe: nominasi Aktris Komedi/Musikal Paling Apik (Bus Stop)
- 1958 BAFTA Film Award (Inggris): Aktris Manca Negara Paling Apik (The Prince and the Showgirl)
- 1958 David ing Donatello Award (Italia): Piring Emas (The Prince and the Showgirl)
- 1959 Crystal Star Award (Prancis): Aktris Manca Negara Paling Apik (The Prince and the Showgirl)
- 1960 Golden Globe: Aktris Komedi/Musikal Paling Apik (Some Like It Hot)
- 1962 Golden Globe: Favorit Film Donya kategori Wanita
- Bintang ing Hollywood Walk of Fame 6104 Hollywood Blvd.
Pranala njaba [sunting]