Lèng
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Lèng yaiku bolongan utawa growongan ing lemah kang dikedhuk dening kewan kanggo panggon ndhelik lan uga gawe susuh kanggo nyelehake endhoge utawa anake. Sapwerangan kewan saka jinis mamalia, amfibi, reptil, manuk, srangga, kemangga, urang, yuyu lan cacing gawe leng, contone tikus, terwelu, marmut, cucuk urang, sonthè, yuyu.