Kemangga

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
  1. D3D3A4"
  1. D3D3A4"
colspan=2 style="text-align: center; background-color:
  1. D3D3A4" | Angga-angga
Angga-angga panenun ing tengah jaringé
colspan=2 style="text-align: center; background-color:
  1. D3D3A4" | Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Arthropoda
kelas: Arachnida
ordo: Araneae
Clerck, 1757
colspan=2 style="text-align: center; background-color:
  1. D3D3A4" | Subordo

Mesothelae
Mygalomorphae
Araneomorphae
 Pirsani uga Tabèl Suku

colspan=2 style="text-align: center; background-color:
  1. D3D3A4" | Diversity
111 suku, 40,000 spesies

Kemangga, (jeneng liya mangga utawa kalamangga, sok-sokan angga-angga), iku sajenis kéwan kanthi awak ros-rosan (Arthropoda) mawa rong sègmèn badan, patang pasang sikil, ora duwé sewiwi lan ora duwé cangkem pamamah. Kabèh jenis angga-angga digolongaké ing ordo Araneae; lan padha karo kalajengking, tumo, caplak lan kerabaté --kabèh sing sikilé wolu—dilebokaké ing kelas Arachnida. Elmu sing nyinaoni ngenani angga-angga yaiku arachnologi.

Angga-angga arupa kéwan pamangsa (karnivora), malah sok-sok kanibal. Mangsa utamané yaiku srangga. Mèh kabèh jenis angga-angga, kejaba watara 150 spesies saka suku Uloboridae lan Holarchaeidae, lan subordo Mesothelae, bisa nyuntikaké wisa liwat sapasang taringé marang mungsuh utawa mangsané. Senadyan mangkono, saka puluhan éwu spesies sing ana, mung watara 200 spesies sing cokotané bisa mbebayani kanggo manungsa.

Ora kabèh angga-angga gawé jaring kanggo nyekel mangsa, nanging kabèh bisa ngasilaké bolah sutra utawa lamat --yaiku leran serat protein sing tipis nanging kuwat-- saka kelenjar (disebut spinneret) sing ana ing bagéyan mburi badané. Serat sutra iki banget migunani kanggo mbiyantu obahé angga-angga, ngayun saka papan siji menyang papan liyané, njiret mangsa, nggawé kanthong endhog, nglindhungi bolongan susuh, lan liya-liyané.

[sunting] Morfologi

Anatomi angga-angga:
(1) patang pasang sikil
(2) cephalothorax
(3) opisthosoma

Ora kaya srangga sing duwé telung bagéyan badan, angga-angga mung duwé loro. Sègmèn bagéyan ngarep diarani cephalothorax utawa prosoma, sing sabeneré arupa gabungan saka endhas lan dhadha (thorax). Éwadéné sègmèn bagéyan mburi diarani abdomen (weteng) utawa opisthosoma. Antara cephalothorax lan abdomen ana panyambung tipis sing dijenengi pedicle utawa pedicellus.

Ing cephalothorax ana patang pasang sikil, lan siji tekan patang pasang mata. Saliyané sepasang rahang kanthi suing gedhé (diarani chelicera), ana uga sepasang utawa sapérangan alat pambiyantu cangkem sarupa tangan sing diarani pedipalpus. Ing sapérangan jenis angga-angga, pedipalpus ing kéwan jantan diwasa saya gedhé lan malih fungsiné minangka alat pambiyantu nalika kawin.

Angga-angga ora duwé cangkem utawa untu kanggo mamah. Minangka gantiné, cangkem angga-angga arupa alat panyedhot kanggo nyedhot cuwèran badan mangsané.

[sunting] Piranti ngrasa

Mata angga-angga umumé arupa mata tunggal (mata mawa lensa tunggal), lan dudu mata majemuk kaya ing srangga. Akèh-akèhé angga-angga duwé pandelengan sing ora patiya apik, ora bisa mbédakaké werna, utawa mung sing sensitive marang padhang lan peteng. Angga-angga sing manggon ing guwa malah ana sing wuta. Kejaba ing sapérangan angga-angga pamburu sing duwé pandelengan tajem lan apik, klebu nalika ngenali werna.

Kanggo nengeri tekané mangsané, umumé angga-angga ngandhelaké geteran, ing jaring-jaring sutrané utawa ing lemah, banyu, utawa papan sing diéncoki. Ana uga angga-angga sing bisa ngrasakaké bédané tekanan udhara. Piranti panggrayang angga-angga ana ing rambut-rambut sikilé.

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Wiktionary-logo-en.png
Pirsani informasi ngenani Kemangga ing KamusWiki.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kemangga&oldid=668648"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès