Kekaisaran Romawi Suci
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 65 dinten 975 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Kekaisaran Romawi Suci' (Basa Jerman: Heiliges Römisches Reich (HRR), Basa Latin: Imperium Romanum Sacrum (IRS)) inggih menika kumpulané organisasi politik wonten ing Éropah Tengah taun 962 (wonten ingkang nyebat taun 843) nganti taun 1806. Ing kawiwitan, amba wilayahé namung dumugi Negara Franka Wétan, menika pecahané Negara Franka saksampuné dibagi ing Prajanjèn Vèrdun, lan Negara Lombardia (panggènan kang dunungé ing negara Itali).
Kumpulan menika nyebat dhèwèke "kekaisaran" utawi impérium lan sing dadi pimpinané kasebut "kaisar"(basa latinipun : imperator). Kejaba saking menika, kaisar mboten nggadhahi kuasa absolut marang anggotané, saénggo beda karo tata cara Kekaisaran Romawi utawa negara Prancis ingkang sistem pamerintahané linuwih absolut.
Sistem imperium menika kalaksanan kintun - kintun wolung abad luwih, sakdèrèngipun bibar amargi Perang Napoléon ing tanggal 6 Agustus 1806. Dhumateng Adolf Hitler, Kekaisaran Romawi menika disungga - sungga kanthi asma Das Erste Reich ("Imperium Kapisan") kaliyan bangsa Jérman.
Wilayahipun wiyar, saenggo kathah pengaruhé dhumateng sejarah Éropa ing abad pertengahan. Saliyané kuwi, kathah carita saking Éropa ingkang nggadhahi sesambungan kaliyan imperium.
Bab lan Paragraf |
Pinaringan Asma [sunting]
Panyebatan kekaisaran menika wonten owah gingsiré. Ing jamané Franka Wétan, wilayah kakuasaané dipunparingi asma Regnum Teutonicum (Deutsches Reich, "Negara Jerman"). Saksampunipun nyawiji kaliyan Lombardia, negara menika kasebat Imperium Romanum ("Kekaisaran Romawi") amargi wonten panggénan kang dadi bekasé pusat Kekaisaran Romawi ing salebeté. Pinaringan asma menika resmi diagem ing jaman kakuasaan Kaisar Konrad II (1034) sawise sapérangan bagéyan wilayah Negara Burgundia dilèngsèraké. Ing perkembangan sakbanjuré, imperium dipunasmani Sacrum Imperium ("Kekaisaran Suci") wiwit Kaisar Friedrich I Barbarossa, amargi kawiwitan wanci menika Kaisar mboten maléh gumantung marang Paus lan dadi wakilipun Gusti Akarya Jagad ing bumi. Panyebetan jangkep Sacrum Romanum Imperium nembé kawiwitan kanthi resmi ing taun 1254, lan lumaku dumugi jaman pembubaran. Asma Sacrum Romanum Imperium Nationis Germaniae, "Kekaisaran Romawi Suci Bangsa Jerman", naté diginakaken saksampunipun Perdamaian Pfalz suwéné kintun - kintun 150 taun dumugi pertengahan abad kaping 16, ananging anggotane mboten kabèh dununge saka puak-puak Germanik.
Perkembangan Wilayah Politik [sunting]
Dipunpreksani uga: Kolonisasi daerah Wétan dhumateng bangsa Jerman
Saksampunipun Prajanjèn Verdun (843), Ludwig si Jerman, salah satunggaling putra saking tiga putra jaler Karel Agung, pikantuk bagéyan Negara Franka Wétan inggih menika wilayah puak-puak Germanik wétan, kayata Saksonia, Frankonia, Alemania, Bavaria, sarta Karinthia. Mawi panyeruhan kasar, wilayahé bagéyan wétan inggih menika Sungai Rhein. Panjembaran wilayah kadadéyan ing jaman pamerintahan Heinrich I (919-936) lan putranipun Otto I Agung (936-973). Sakbanjure Otto I nguwasani Negara Langobardia ning Itali, dhèwèké ngrasa nduwé hak nyandang gelar "Kaisar" (Imperator) kaya ing jamané Kekaisaran Romawi kala embèn lan dinobataké kaliyan Paus ing taun 962.
Saklajengipun, wilayah-wilayah ing kulon Rhein, mlebet ing jeroné wilayah kekaisaran, njangkepi wilayah ingkang sakniki dadi bagéyan wétan Prancis, Belgia, Belanda, lan Luxemburg (Benelux), Swiss, kathah - kathahipun Austria (sakliyané Burgenland), lan bagéyan elor Itali. Wates wetan kawiwitan inggih menika Kali Elba, ananging banjur miyar dhumateng wilayah bangsa Slavia, kayata Avar, Salzburg, lan Bohemia (sakniki Republik Ceko). Pawiyaran menika kalaksanan kanthi manéka werna cara, inggih menika penaklukan, kristenisasi, sarta mbikak pamukiman dhumateng para tani ingkang madosi lahan enggal. Saka abad kaping 12 pergerakan menyang wétan katerusan dateng wilayah Polandia sakniki, dumugi Prusia ing pesisir Baltik. Ing abad kaping 13 wilayh Silesia wiwit dienggoni, banjur menyang wétan nganti wilayah Siebenburger ing Rumania sakniki.
Ing abad 18 wilayah negara sing dadi anggotané tumeka wilayah negara-negara modern Jerman, Republik Ceko, Austria, Liechtenstein, Slovenia, Belgia dan Luxemburg, uga bagéyan gedhe Polandia lan bagéyan ciliké Walanda. Sakdèrèngé uga njangkau sakabèhing Walanda lan Swiss, sarta sebagéyan saking Perancis lan Italia.
Bebarengan kaliyan pawiyaran wilayah dhumateng wétan, wates wilayah kulon, suwé saya suwé kesuk tumuju wétan amargi dicaplok déning negara-negara tanggané. Wiwit abad 14, miturut panyeruhan sistematis Negara Perancis nerapaken politik "panyawijian rujuk" (reunion) wilayah-wilayah ing kulon Rhein. Swiss misah saking Kekaisaran wiwit taun 1648, mawi cara Parukunan Westphalia. Walanda misahake diri ing tahun ingkang sami kanthi cara prajanjèn kang sami uga. Wilayah Luxemburg (1794) lan Belgia (Flandria lan Wallonia) (1797) dicaplok Perancis, ing ngisoré pamerintahan Revolusioner.
Watek Kekaisaran [sunting]
Kekaisaran Romawi Suci inggih menika salah sawijining institusi kang unik ing sejarah donya, pramila saking menika rawit sanget anggèné dipunmangertosi. Supados saget dipunmangertosi, pramila kita kedah mangertèni menawi Kekaisaran Romawi Suci mboten kalebet nation-state sami ing pangertosan modern. Pramila etnis panguasané (mèh biasané) etnis Jerman, ananging ing kawiwitan kathah etnis ngkang mbentuk Kekaisaran Romawi Suci. Kathah saking kulawarga bangsawan penting lan pejabat tumeka dipilih saking njabané komunitas panutur basa Jerman. Ing masa jayaané, kekaisaran menika anyakup meh sedaya wilayah saking Jerman, Austria, Swiss, Liechtenstein, Belgia, Walanda, Luxemburg, Republik Ceko, Slovenia, lan uga wétan Perancis, elor Italia sarta kulon Polandia sakniki menika. Pramila saking menika, basane mboten kemawon karinci saking basa Jerman lan akèh dialek lan turunané kémawon, ananging uga kathah basa Slavia, lan basa kang dadi basa Perancis lan Italia modern. Luwih adoh manèh, pambagéyan wilayah-wilayah kang diatur dening para pangeran sipil lan gerejawi, prelate, count, ksatria negara, lan kutha bebas agawé raketé saking negara modern kang metu ing sakiwa tengené.
Ananging, ing jamane, dhèwèké luwih saka konfederasi. Konsep Reich ora mung nyakup pamerintah saka wilayah tertentu, ananging uga nduweni konotasi kaparcayan Kristen ingkang rosa (suci kang dadi asmané). Nganti taun 1508, raja-raja Jerman mboten dianggep kaisar saka Reich sakdurungé Paus, wakilé Kristus ing ndoya, panyematan mahkota kanthi resmi dumadi kaisar. Reich, pramila saking menika saget dipunjlèntrèhaken dai sawijining persilangan antara negara lan konfederasi kaparcayan.
Kaisar menika kedah tiyang ingkang nggadhahi umur minimal 18 taun lan uga watekipun sae. Kapapat simbah kakaung lan simbah putriné diarep - areo nduweni getih ningrat. Ora ana ukum ingkang majibaké dhèwèké kedah tiyang Katholik, senajan ukum kekaisaran nganggep kados menika. Dhèwèké mboten kedah piyantun Jerman (tuladhanipun Alfonso X saking Kastilia lan Richard saking Cornwall). Mlebet abad kaping 17 para kandidat umumme nduwèni wilayah kekuasaan ing njero Reich.
Sejatosipun mboten gampil kanggé nerangaké kekaisaran menika, amargi mboten sarupa kaliyan bentuk-bentuk negara ingkang kita mangertosi saskniki. Sejarawan Samuel Pufendorf ing panuturané De statu imperii Germanici, dipunterbitaken ngangge asma samaran Severinus de Monzambano ing taun 1667, ing nulis basa Latin: "Nihil ergo aliud restat, quam ut dicamus Germaniam esse irregulare aliquod corpus et monstro simile ..." ("Lajeng kita namung saget nyebat Jérman salah sawijining himpunan ingkang mboten tunduk marang satunggaling aturan lan sarupa kaliyan monster"). Voltaire, sawijining filsuf Perancis abad kaping 18, ing dinten sateruse uga matur menawi entitas menika "dudu kekaisaran, mboten suci lan uga dudu Romawi".
Sanadyan dikritik dening kathah negarawan, politisi lan filsuf, struktur Uni Eropa ing jaman sakniki malahan sarupa kaliyan struktur Kekaisaran Romawi Suci.
Sumberé Naskah [sunting]
Pérangan sumber dipunpendhet saking buku menika:
- Hartmann, Peter C. 2005. Das Heilige Roemische Reich deutscher Nation in der Neuzeit 1486-1806. Philipp Reclam jun. Stuttgart
- Naumann, G. 2007. Deutsche Geschichte. Das alte Reich 962-1806. Marix Verlag. Wiesbaden.
Cathetan suku [sunting]
- ^ Names of the Holy Roman Èmpire of the Gèrman Nation in other languages:
- Basa Latin: Imperium Romanum Sacrum
- Basa Jerman: Heiliges Römisches Reich deutscher Nationen
- Basa Italia: Sacro Romano Impero
Priksani Ugi [sunting]
- Kaisar Romawi Suci
- Daftar raja-raja Franka
- Daftar raja-raja Jerman
- Sejarah Jerman
- Kekaisaran Karoling
- Monarki Habsburg