Segara Baltik
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Segara Baltik dumunung ing sisih wétan-lor bawana Eropah. Segara iki diwatesi déning semenanjung Skandinavia, tanah dharatan Eropah Tengah lan Wétan sarta Denmark. Perairanné mili menyang Kattegat lan Segara Lor ngliwati Öresund, Sabuk Gedhé lan Sabuk Cilik. Saliyané kuwi Segara Baltik dihubungaké menyang Segara Lor déning Terusan Kiel lan karo Segara Putih déning Terusan Segara Putih.
Jroning basa Jerman, segara iki disebut Ostsee sing sakbeneré duwé teges "Segara Wétan".
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala njaba
- (en) Galeri foto
- (en) Zrot.pl
- (en) Zart.com.pl