Iwak Tambakan
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 96 dinten 1002 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Iwak Tambakan | |
|---|---|
| Ikan tambakan | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Perciformes |
| Suborder: | Anabantoidei |
| kulawarga: | Helostomatidae |
| Genus: | Helostoma |
| Species: | H. temminckii |
| Jeneng binomial | |
| Helostoma temminckii Cuvier, 1829 |
|
Iwak Tambakan (Helostoma temminckii) utawi menawi wonten ing Basa Inggris dipunwastani Kissing gourami menika salah satunggalung jinis iwak toya tawar ingkang asalipun saking wilayah tropis miliginipun Asia Tenggara. Ulam menika milanipun asalipun saking Thailand dumugi Indonesia sakdèrèngipun dipuntepangaken dhateng donya. Panyebaran ulam menika saking Thailand, Vietnam, malaysia, Selandia baru, Filipina, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, lan Jawa [1]. Ulam menika ugi kawéntar kanthi nama gurami pencium amargi kebiasaan ngambung nalika mendhet panganan utawi nalika ketemu sesami pejantan. Ing Indonesia ulam tambakan menika kagungan nama sanès kaosta bawan, biawan, lan ulam Samarinda [2].
Ulam tambakan menika mapan wonten ing toya kanthi arus ingkang tenang, dangkal lan kathah tetuwuhan toya. Saking rumiyin ulam menika sampun dipundamel kanggé bahan panganan lan sampun dipuntepangaken dhateng negara sanès kanthi ancas kanggé budidaya [2].
Bab lan Paragraf |
Anatomi lan Morfologi[sunting]
Ulam tambakan kagungan bentuk awak ingkang pipih vertikal. Sirip punggung lan sirip anal kagungan bentuk lan ukuran ingkang sami. Sirip buntut piyambak wujudipun bunder lan cembung, lajeng sirip dadanipun kanthi cacah sepasang ugi radi bunder. Wonten ing sisih kekalih awakipun wonten gurat sisi, pola ingkang arupi garis tipis wiwit saking pangkal selaning insang dumugi pangkal sirip buntut. Kirang langkung wonten 43-48 sisik ingkang nyusun gurat menika. Ulam tambakan menika saged tuwuh dumugi 30 cm[2].
Habitat[sunting]
Ulam Tambakan menika kalebet ulam toya tawar kanyhi sifat bentopelagik inggih menika gesang wonten ing antawisipun permukaan lan wilayah ing perairan. Wilayah asli papan gesangipun menika wilayah perairan tropis ingkang dangkal, arus tenang, lan kathah tuwuhan toya. Wiwitanipun ulam menika namung kapanggihaken wonten ing perairan toya tawar Asia Tenggara, ananging ulam tambakan banjur nyebar wonten ing sedaya wilayah ingkang kagungan iklim anget minangka kéwan introduksi[2].
Panganan[sunting]
Ulam tambakan kagolong ulam omnivora ingkang mangan sedaya jinis panganan. Saking lumut, tuwuhan toya, zooplankton, dumugi serangga toya. Ulam tambakan ugi mangan jinis plankton, crustacea, larva insecta, lan protozoa [1]. Lambenipun kajangkepi kaliyan waja-waja alit ingkang mbiyantu anggènipun mendhet panganan. Ulam menika ugi kagungan tapis insang ( gill raker ) ingkang paring pambiyantu nyaring partikel plankton saking toya. Nalika nyabut panganan ingkang nèmpèl wonten ing papanipun menika ulam tambakan katingal kados ngambung panganan menika[2].
Manfaat kanggé manungsa[sunting]
Wonten ing wilayah aslinipun ulam menika dipun-budidaya kanggé dipunpendhet dagingipun. Ulam tambakan ugi saged dipunpancing wonten ing alam bebas. Sakmenika ulam tambakan dados salah satunggaling komoditas iwak hias toya tawar amargi wujud lan polahing ingkang unik. Kanthi gunggung ingkang kathah ulam tambakan ingkang tasih alit dipun-ekspor dhateng negara Jepang, Eropa, Amerika Utara, lan Australia[2].