Hikayat Abdullah
Hikayat Abdullah iku sawijining otobiografi sing kagolong istiméwa jroning khazanah Sastra Melayu. Karya sastra iki ditulis ing tengahing abad kaping-19.
Abdullah sing jeneng jangkepé Abdullah bin Abdulkadir Munsyi iku saka kulawarga sing sugih kawruh, katurunan Arab, saka Yaman. Leluhuré yakuwi guru agama lan guru basa Arab sing manggon ing India Kidul, banjur krama karo wong Tamil. Sabanjuré pindhah menyang Malaka.
Abdullah dhéwé lair lan mangon ing Malaka. Garwané uga katurunan Tamil. Bapaké Abdullah iku dadi narasumber William Marsden, pakar basa Melayu saka Britania Raya lan panulis kitab Sejarah Sumatra ("History of Sumatra") sing isih dirujuk déning sejarahwan nganti saiki.
Abdullah akèh nyritakaké bab sing narik kawigatèn saka paruh pisanan abad kaping-19. Umpamané ngenani kutha Malaka lan Singapura, sawetara tokoh kayadéné John Stamford Raffles, Lord Minto, Farquhar lan Timmerman Thijssen. Saliyané kuwi dhèwèké akèh banget nyritakaké ngenani kauripan sedina-dina bangsa Melayu wektu semana.
Pengarang iki uga dikenal amarga seneng nulis karya sastra didaktis sing kebak pitutur.
Edisi [sunting]
Naskah Hikayat Abdullah jroning wangun manuskrip dirampungaké ing taun 1843, nanging edisi cithaké nembé diterbitaké taun 1849 ing Singapura migunakaké cap watu. Kaloroné migunakaké aksara Jawi. Edisi taun 1849 iki langka banget amarga kobongan ing omahé Abdullah, panggonan nyimpen sebagéyan gedhé èksemplar edisi iki. Cithakan aksara Latin edisi iki wiwit diterbitaké ing taun 1903. Cithakan-cithakan iki utamané ditujokaké minangka wacan pelajar ing Singapura, Pulo Pinang lan Semenanjung Malaya.
Ing taun 1882 H. C. Klinkert nerbitaké edisi Hikayat Abdullah kanggo wacan rakyat Hindia Walanda.
Raihoel Amar Datoek Besar lan R. Roolvink ing taun 1953 nerbitaké edisi aksara Latin adhedhasar edisi taun 1849. Edisi iki sabanjuré akèh dadi andelan para sarjana, amarga ditampilaké minangka tèks sing diolah sacara ilmiah.
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
|
||||||||