Ritus Latin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Gréja Ritus Kulon)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bagian saking sèri bab
Gréja Katulik
StPetersBasilicaEarlyMorning.jpg
Organisasi

Paus: Benediktus XVI
Dewan Kardinal
Konsili Ekumenis
Kebijakan Episkopal •  Ritus Latin
Gréja-Gréja Katulik Wétan

Latar Wingking

Sajarah •  Kristianitas
Katulisisme •  Suksesi Apostolik
Papat Ciri Gréja
Angger-angger sepuluh
Panyaliban & Wungu Dalem Yesus
Mekrad •  Maria Dipunangkat dhumateng Swarga
Kritik dhumateng Gréja Katulik Roma

Teologi

Trinitas (Hyang Rama, Hyang Putra, Hyang Roh Suci)
Teologi •  Apologetika
Rahmat Illahi • Sakramèn
Purgatorium •  Kaslametan
Dosa asal •  Para Suci •  Dogma
Kenya Maria •  Mariologi
Maria kagarba mulus tanpa ciri

Liturgi lan Peribadatan

Liturgi Katulik Roma
Ekaristi •  Divinum Officium
Taun Liturgi •  Kanon Alkitab

Ritus

Romawi •  Armenia •  Aleksandria
Bizantium •  Antiokhia •  Syria Wétan

Topik-topik Katulik

Ekumenisme •  Monastisisme
Donga •  Musik •  Seni Rupa

Ritus Latin iku istilah sing digunakaké déning dhokumèn-dhokumèn Gréja Katulik kanggo Gréja Katulik Kulon, sing béda karo Gréja-gréja ritus Wétan, sing mawiyar ing Eropah kulon lan Afrika lor, ing ngendi basa Latin arupa basa pendhidhikan lan kabudayan. Istilah sing liya yaiku Gréja Latin, sing digunakaké, tuladhané, jroning pambukaan kanon saka edhisi 1917 lan 1983 saka Kitab Hukum Kanonik Gréja.

Istilah ritus Latin uga digunakaké kanggo ngrujuk marang siji utawa luwih wangun liturgi suci sing digunakaké ing manéka bagéyan saka Gréja Latin iki. Liturgi-liturgi iki klebu ritus Roma sing dipigunakaké sacara wiyar, ritus Ambrosius saka Milano lan wilayah-wilayah sakupengé, lan ritus Mozarabik, sing digunakaké sacara winates ing Spanyol, utamané ing Toledo. Ritus-ritus liturgis Latin liyané umumé wis ora digunakaké manèh, klebu akèh-akèhé ritus sing dipraktikaké déning sapérangan ordo kaagaman nganti ora suwé sawisé Konsili Vatikan II.

Sok-sok istilah "Katulik Roma" dianggep sinonim karo "ritus Latin", senajan tembung iku ora tau digunakaké sacara resmi jroning dhokumèn-dhokumèn Gréja Katulik dhéwé.

Ritus Latin dibédakaké karo sing liya-liyané dudu mung amarga panggunan liturgi-liturgi ritus Latiné, nanging uga déning sifat-sifaté kayata tuladhané Sakramèn Krisma mung diwènèhaké sawisé sawijining bocah nggayuh umur nalar (nanging ora kudu nganti pra-remaja), kewajiban selibat kanggo para imam, pangangkatan langsung uskup déning Paus. Nganti wates-wates tinentu, Gréja Katulik ritus Wétan béda karo Gréja Latin jroning babagan-babagan iki. Tuladhané, panahbisan imam (nanging ora nganti tingkat uskup) bisa dilakokaké déning wong sing wis palakrama, lan para patriarch Wétan sarta kauskupan agung utama Gréja-gréja milih para uskup kanggo wilayahé dhéwé (lan dudu ing sanjabané) lan saka Paus mung antuk surat pangakuan.

Hukum kanon kanggo Gréja ritus Latin dikodhifikasikaké jroning Kitab Hukum Kanonik Gréja nalika taun 1917, lan jroning edhisi sing anyar sing dirumusaké déning Paus Yohanes Paulus II taun 1983.[1]

Delengen uga [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ritus_Latin&oldid=490421"