Ritus Wétan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Gréja-Gréja Katulik Ritus Wétan iku Gréja-Gréja partikular otonom (utawa sui iuris, jroning basa Latin) sing ana jroning persekutuan penuh karo Uskup Roma, Sri Paus. Gréja-Gréja iki nglestarèkaké tradhisi-tradhisi liturgi, teologi, lan dévosi saka manéka Gréja-Gréja Kristiani Wétan sing duwé gegandhèngan karo dhèwèké. Gréja-Gréja Kristiani Wétan iku malah duwé prabédan doktrinal ing antarané dhèwèké dhéwé, khususé antara Bidah Gréja Ortodoks Wétan, Bidah Gréja Ortodoks Oriental, lan Bidah Gréja Wétan Asiria.[1] Mula Gréja-Gréja Katulik Ritus Wétan iki béda-béda jroning wangun pangibadahan, tata-tertib sakramen[2] lan hukum kanon, terminologi, donga-donga tradhisional, lan amal-salèh. Nanging Gréja-Gréja iki ngakoni yèn imané ora nyimpang saka iman Gréja-Gréja sing bebarengan arupa Gréja Katulik sing esa, klebu Gréja Latin utawa Gréja Kulon. Kabèh Gréja sing Katulik, Wétan utawa Kulon, padha dhuwur drajaté.[3] Sacara khusus, Gréja-Gréja iki ngakoni peran sentral saka Uskup Roma jroning Dewan Uskup.


[sunting] Deleng uga

[sunting] Réferènsi

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ritus_Wétan&oldid=527389"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès