Florès
Florès yaiku salah sijine jeneng pulo ing Provinsi Nusa Tenggara Timur.[1] Jeneng Florès kadhapuk saka basa Portugis yaiku Copa de Flores kang ateges Tanjung Kembang.[2] Jeneng iki diresmèkaké wiwit taun 1636 dening Gubernur-Jendral Hindhia-Walanda Hendrik Brouwer.[2] Florès dhéwé duwé jeneng asli yaiku Nusa Nipa ateges Pulo Ula.[2] Florès kalebu gugusan Kapuloan Sundha Cilik bebarengan karo Bali lan Nusa Tenggara Barat kang ambané watara 14.300 km2.[1] Pulo Florès, Pulo Timor, Pulo Sumba lan Kapuloan Alor kalebu pulo kang paling gedhé ning Provinsi Nusa Tenggara Wétan, salah sijining kapuloan ing Indonésia dumadi saka 566 pulo.[1] Pulo iki kapérang dadi 8 kabupatèn .[2] Kabupaten Florès Wétan ibukuthané ing Larantuka ana ing sisih pojok wétan , dene kabupatèn Manggarai Kulon ibukuthané ing Labuan Bajo ana ing sisih pojok kulon.[2]
Deleng uga[sunting]
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b c www.enterflores.com (diunduh tanggal 13 Mei 2011)
- ^ a b c d e travel.kompas.com/Flores.Keelokan.yang.Dilupakan(diunduh tanggal 14 Mei 2011)