Fitna (film)

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Fitna

Title card for Fitna
Sutradara Geert Wilders
Produser Geert Wilders
Panulis Geert Wilders
Tanggal rilis March 27, 2008
Durasi 16:48
Negara The Netherlands
Basa Dutch, English, Arabic, Persian, others
Situs web resmi
profil IMDb

Fitna kuwi sawijining film saka Walanda karya Pulitikus Geert Wilders, pamimpin Partai Kabébasan (PVV) ing Parlemèn Walanda. Film iki nawakaké panemuné bab Islam lan Al Qur'an. Irah-irahan film iki njupuk saka basa Arab fitna kang dipigunakaké kanggo njlèntrèhaké "kahanan ora setuju lan béda wacana (disagreement and division among people)", utawa "tès marang kapercayan jroning pacoban (test of faith in times of trial)". Fitna dirilis ing Internet tanggal 27 Maret 2008.[1][2]

Bab lan Paragraf

[sunting] Rilis

Wilders ngrilis film kasebut ing tanggal 27 Maret 2008 jam 7 wengi wektu (Walanda) ing video website Liveleak. Ésuké, website kasebut wis njabel video film kuwi saka serveré amarga anané anceman marang staf Liveleak.[3] Senadyan mangkana, wiwit kuwi, situs-situs liya wis njupuk video kuwi saka Liveleak lan wiwit nyiaraké.

[sunting] Plot

Film iki nuduhaké sawetara Surah {{Al Qur'an]] kang dipilih lan dijumbuhaké karo kliping koran lan média.[4] Film iki diiringi musik saka Peer Gynt suite déning Edvard Grieg, utamané wektu patiné Aase (Aase kuwi ibuné Per ing drama kang tinulis déning Henrik Ibsen).[5]

[sunting] Téma

Wilders nyatakaké yèn film kanthi dhurasi 15-menit kuwi bakal nuduhaké yèn sawetara ayat (verses) saka Al Qur'an dina iki dipigunakaké kanggo ngasut umat Muslim modhèrn supaya tumindak kejem lan anti-democrati adhedhasar ayat-ayat mau.[6][7][8]

Wilders njlèntrèhaké yèn film kuwi minangka ajakan kanggo nguwalaké saka tirani Islamisasi (a call to shake off the creeping tyranny of Islamization). [9]


Instruksi Menkominfo kepada APJII

[sunting] Reaksi

Dikuwatiraké film kasebut bakal mancing anané démonstrasi kanthi kakerasan déning umat Muslim kayadéné protès marang Kartun Nabi Muhammad kang diterbitaké déning koran Denmark 'Jyllands-Posten' ing taun 2005.[10]


Iran, Pakistan lan Indonesia wis nglarang (condemned) film iki.[11][12] Pakistan wis ngusulaké diskusi bab Fitna ing konferènsi OKI sing bakal teka.[13]

Kecaman terus muncul kanthi diputaré film propaganda iki. Sekjen PBB Ban Ki Moon ngutuk penayangan film iki.[14][15] Pamaréntah Iran ngundang dhuta besar Walanda kanggo mrotès penayangan film kasebut. Samono uga Malaysia. Malah, mantan PM Malaysia Mahathir Mohamad, nyerokaké marang kabèh ummat Islam supaya mboikot kabèh produk Walanda.[16][17] Déné pamaréntah Indonésia kanthi tegas ngecam lan nyegah supaya Geert Wilders ora bisa mlebu Indonesia.[18]

[sunting] Pemblokiran situs ing Indonesia

Tanggal 2 April 2008, Menteri Komunikasi dan Informatika Muhammad Nuh mréntahaké marang APJII supaya mblokir situs lan blog kang ngamot film Fitna. Tanggal 8 April 2008, ISP Telkom Speedy lan Indonet wiwit mblokir situs Youtube, Multiply, Myspace, Metacafe, Liveleak, situs resmi film Fitna lan Rapidshare. Sauntara kuwi situs www.fitnathemovie.info [1] ora kena pamblokiran.

[sunting] Referensi

  1. "Dutch MP posts Islam film on web", BBC, 2008-03-27. Retrieved on 2008-03-27. 
  2. Thomasson, Emma. "Dutch MP launches anti-Koran film online", Reuters, Scientific American, 2008-03-27. Retrieved on 2008-03-27. 
  3. Claburn, Thomas. "Anti-Islamic Film Taken Offline Following Threats", InformationWeek, 2008-03-28. Retrieved on 2008-03-28. 
  4. Blokker, Bas. "Fitna the Movie: not hyperbole or metaphor but repetition", NRC Handelsblad, 2008-03-28. Retrieved on 2008-03-28. 
  5. "Euromed states condemn Dutch anti-Islam film", Deutsche Presse-Agentur, 2008-03-28. Retrieved on 2008-03-28. 
  6. "Koranfilm Wilders heet 'het kwaad'", telegraaf.nl, 2008-02-09. Retrieved on 2008-03-08. (Dutch) 
  7. Murray, Douglas. "A film-maker who lives in the shadow of a fatwa", Spectator.co.uk, 2008-03-12. Retrieved on 2008-03-24. 
  8. Cithakan:Cite mailing list
  9. Park, Michael Iran Warns Netherlands Not to Air Controversial 'Anti-Muslim' Film. FOX News. URL diakses nalika ing tanggal 2008-03-08
  10. Embassies burn in cartoon protest. BBC. URL diakses nalika ing tanggal 2008-03-08
  11. Marquand, Robert. "'Fitna': Dutch leader's anti-Islam film brings strife", The Christian Science Monitor, 2008-03-26. Retrieved on 2008-03-30. 
  12. "Iran, Indonesia Condemn Anti-Islamic Dutch Film", Voice of America, 2008-03-28. Retrieved on 2008-03-30. 
  13. "Pakistan summons Dutch ambassador", Radio Netherlands Worldwide, 2008-03-05. Retrieved on 2008-03-30. 
  14. Okezone.com
  15. Harian Berita Sore
  16. Era Muslim
  17. Wordpress
  18. Liputan 6

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Fitna_(film)"