Muhammad Nuh
|
Muhammad Nuh
|
|
|
|
|
|---|---|
| Isih Mengku jabatan | |
| Miwiti Mengku jabatan 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Bambang Sudibyo |
|
Mentri Kebudayaan lan Pariwisata Indonesia
ad-interim |
|
| Mangsa jabatan 1 Oktober 2008 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Jero Wacik |
| Pengganti | Jero Wacik |
|
|
|
| Mangsa jabatan 9 Mei 2007 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Dr. Sofyan A. Djalil, SH, MA, MALD |
| Pengganti | Tifatul Sembiring |
|
|
|
| Lair | 17 Juni 1959 (umur 52) |
| Pasangan | drg. Layly Rahmawati |
| Anak | Rachma Rizqina Mardhotillah |
| Almamater | Institut Teknologi Sepuluh Nopember Surabaya University of lllinois Urbana Champaign |
| Agama | Islam |
Prof. Dr. Ir. KH. Mohammad Nuh, DEA (lair ing Surabaya, Jawa Wétan, 17 Juni 1959; umur 52 taun) yaiku Menteri Pendidikan Nasional Indonesia.[1] Muhammad Nuh dadi mentri pandhidhikan wiwit tanggal 22 Oktober 2009.[1] Sadurungé dadi mentri pandhidhikan, Muhammad Nuh dadi Menteri Komunikasi dan Informatika (2007–2009) lan rektor Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS) Surabaya periode taun 2003–2006.[1]
[sunting] Biografi
Muhammad Nuh yaiku anak nomer telu saka sepuluh sedulur.[2] Bapaké jenengé H. Muchammad Nabhani, kang nggawé Pondok Pesantren Gununganyar Surabaya.[2] Muhammad Nuh nutugaké kuliyah ing Jurusan Elektro Institut Teknologi Sepuluh Nopember Surabaya, lan lulus taun 1983. [2]
Muhammad Nuh miwiti kariré dadi dhosèn Teknik Elektro ITS nalika taun 1984.[2]Muhammad Nuh banjur éntuk beyasiswa kangg nutugaké gelar magister ing Universite Science et Technique du Languedoc (USTL) Montpellier, Perancis.[2]Muhammad Nuh uga nutugaké kuliyah kanggo nggayuh gelar S3 ing universitas iki.[2]
Nuh nikah karo drg. Layly Rahmawati, lan nduwé anak wédok kang jenengé Rachma Rizqina Mardhotillah.[2] Anak kang sepisanan iki lair ing Perancis.[2]
Nalika taun 1997, Muhammad Nuh entuk jabatan dadi direktur Politeknik Elektronika Negeri Surabaya (PENS) ITS. Nalika dipipimpin Nuh, PENS dadi mitrané Japan Industrial Cooperation Agency (JICA) wiwit taun 1990. [3]
Nalika tanggal 15 Februari 2003, Muhammad Nuh dilantik dadi rektor ITS.[3] Ing taun kang padha Nuh uga dilantik dadi guru besar (profesor) bidhang ilmu Digital Control System kanthi Sistem Rekayasa Biomedika. Dhéwéké dadi rektor ITS paling enom yaiku umur 42 taun nalika njabat dadi rektor.[3] Nalika dadi rektor ITS Nuh nulis buku kang judhulé Startegi dan Arah Kebijakan Pemanfaatan Teknologi Informasi dan Komunikasi (disingkat Indonesia-SAKTI).[3]
Saliyané dadi rektor, Muhammad Nuh uga njabat dadi Ketuwa Ikatan Cendekiawan Muslim Indonesia (ICMI) Jawa Timur, Pengurus PCNU Surabaya, Sekretaris Yayasan Dana Sosial Al Falah Surabaya, Anggota Pengurus Yayasan Rumah Sakit Islam Surabaya, lan Ketuwa Yayasan Pendidikan Al Islah Surabaya. Muhammad Nuh uga dikenal dadi kyai, kerep menehi ceramah lan khutbah jumat ing masjid ing Surabaya lanan dikenal dadi Ulama.[3]
| Jabatan pulitik | ||
|---|---|---|
| Pejabat sadurungé: Bambang Sudibyo |
Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Indonesia 22 Oktober 2009 – saiki |
Isih njabat |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
[sunting] Cathetan suku
|
|||||||||||