Fabio Borini

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Fabio Borini
Fabio Borini
Informasi pribadi
Tanggal lair 29 Maret 1991 (umur 21)
Papan lair Bentivoglio, Italia
Dhuwur 1.80 m (5 ft 11 in)
Posisi pamain Striker
Informasi klub
Klub saiki Parma
Nomer 15
Karir remaja
2001–2007 Bologna
2007–2009 Chelsea
Karir senior*
Taun Tim Apps (Gls)
2009–2011 Chelsea 4 (0)
2011 Swansea City (silihan) 9 (6)
2011- Parma 0 (0)
Tim nasional
2006 Italia U-16[1] 4 (0)
2008–2009 Italia U-17 7 (1)
2009–2010 Italia U-19 5 (3)
2009– Italia U-21 11 (1)
* Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 8 Mei 2011.

† Appearances (Goals).

‡ National team caps and goals correct as of 10 Juni 2011


Fabio Borini yaiku pemain bal kang asalé saka Italia. Fabio Borini(lair ing Italia,Italia, 29 Maret 1991; umur 21 taun) yaiku pemain kang main ing Parma. Fabio Borini miwiti karir ing Bologna, sakdurungé pindhah menyang Chelsea FC 2007. Ing taun 2011 Borini nggabung bareng klub Football League Championship Swansea City amarga disilihaké Chelsea FC.[2]

Borini sepisanan main bal-balan ing umur sangang taun, dhèwèké lan bapaké sing ndhukung Bologna. Borini nggabung karo Bologna ing taun 2001, kang dadi pemain enom.[2] Borini nggabung karo Chelsea ing taun 2007 saka Bologna.[2] Ing taun 2008-2009, Borini dadi striker utama kanggo cadhangan. Borini dadi pemain cadhangan sing paling akèh njebol gawang mungsuh 10 gol saka 11 laga.[2] Borini njebol gawang nglawan Manchester United ing Youth FA Cup.[2] Ing tanggal 1 September 2009, ditambah Carlo Ancelotti ing skuad Liga Champions dadi pemain cadhangan nglawan Porto.[2] Dhèwèké ing tanggal 20 [[[September]], nggantèké Nicolas Anelka ing menit 89, kanggo dhebut pisanan kanggo Chelsea nglawan Tottenham Hotspur.[2] Dhebut kebaké nglawan Queens Park Rangers ing Liga puteran kaping telu. Borinio mbobol gawang kaping pindho nglawan West Ham United. Dhèwèké tampil kaping pindho nglawan Wolverhampton Wanderers, teka dadi ngganti Salomon Kalou ing menit 77. Ing tanggal 8 Desember 2009, Borini nglakoni pertandingan nglawan Apoel ananging imbang 2-2.[2] Boroni main nglawan Cardiff City ing puteran kaping lima. The Blues menang 4-1. Borini nglakoni operasi hernia saéngga ndadèkaké dhèwèké préi sedhéla saka bal-balan.[2]

[sunting] Cathetan sikil

  1. Fabio Borini - Player profile. transfermarkt.co.uk. URL diaksès tanggal 2011-04-25
  2. a b c d e f g h i www.whosdatedwho.com (diaksès tanggal 15 Juli 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Fabio_Borini&oldid=675944"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès