Dmitri Mendeleev
| Dmitri Mendeleev | |
|---|---|
Dmitri Mendeleev taun 1897
|
|
| Miyos | 8 Februari 1834 Verhnie Aremzyani, Kakaisaran Rusia |
| Tilar donya | 2 Februari 1907 (umur 72) St. Petersburg, Kakaisaran Rusia |
| Kabangsan | Rusia |
| Bidhang | Kimia, fisika lan bidhang-bidhang ingkang magepokan |
| Lulusan saking | Saint Petersburg University |
| Notable students | Dmitri Konovalov, Valery Gemilian, Alexander Baykov |
| Kaahlian | Manggihaken tabèl periodik unsur kimia |
| Agama | Kristen Ortodoks Wétan |
Dmitri Mendeleev (basa Rusia: Дми́трий Ива́нович Менделе́ев, Dmitriy Ivanovich Mendeleyev) (8 Februari [K.J.: 27 Januari] 1834 – 2 Februari [K.J.: 20 Januari] 1907) punika satunggiling ahli kimia saking Kakaisaran Rusia ingkang ngripta tabèl periodik adhedhasar paningkatan wilangan atom. Wilangan puniki nedahaken gunggung proton ingkang wonten salebetipun inti atom. Gunggung proton sami kaliyan gunggung elektron ingkang ngelilingi atom bébas.
Panjenenganipun manggihaken nalika nyawisaken satunggiling buku pelajaran kanggé mahasiswanipun. Panjenenganipun manggihaken menawi panjenenganipun nata unsur-unsur miturut minggahing massa atom, unsur kanthi sifat ingkang mèmper badhé muncul kanthi selang ingkang mawi skala. Panjenenganipun kasil nyajèkaken asil kerjanipun dhumateng Himpunan Kimia Rusia ing awal 1869.
Punika maringaken kauntungan kanggé piyambakipun amargi ing pungkasan taun ingkang sami, satunggiling kimiawan sanès saking Jerman, Julius Lothar Meyer, ugi kasil nyusun tabèl ingkang sami, nanging amargi kasil langkung rumiyin, Mendeleev ingkang dipun anggep minangka pamanggih dhaptar berkala.
Salebetipun panlitènipun, panjenenganipun damel sapérangan urutan ngenani unsur-unsur dat kimia ingkang sampun dipun mangertosi kanthi nyusun saprangkat kertu, ing pundi sabèn kertu isi saben unsur lan sifat-sifat kimianipun. Panjenenganipun manggihaken ukum periodik nalika nyusun kertu-kertu puniku, ingkang dipun susun sacara urutan miturut paningkatan massa atomipun, lan sifat-sifatipun dipunbalèni sacara periodik. Malah wonten sekedhik kaluwihan ing tabèl periodik ingkang dipun susun, inggih punika wontenipun pangakenan ngenani unsur-unsur énggal ingkang dèreng dipun mangertosi massanipun, panjenenganipun manggihaken tabèl periodik kasebut kadosta galium, germanium, lan skandium. Panjenenganipun nyawisaken ruang kanggé unsur-unsur puniku lan malah sampun mrakirakaken pinten massa atom lan kepripun sifat-sifat kimianipun samangké.
Bab lan Paragraf |
Pranala njawi [sunting]
Biografi [sunting]
- Roger Rumppe and Michael E. Sixtus, "Ich bin Mendelejeff", care of the Woodrow Wilson Leadership Program in Chemistry. 20 sources. Notes, among other things, that various sources list D.M.'s siblings as being 10 to 16 in number. woodrow.org
Tabèl periodik [sunting]
- Original Periodic Table, annotated. webserver.lemoyne.edu
- Mendeleev's first draft version of the Periodic Table, 17 Februari 1869. chemheritage.org
Sanèsipun [sunting]
- References about Mendeleev, maintained by Eugene V. Babaev, last updated May 2005 (as of December 2005). chem.msu.su
- Faraday Lecture by Mendeleev, 4 July 1889, annotated. webserver.lemoyne.edu
- Mendeleev and Sanskrit, uk.arxiv.org
- Picture of Mendeleev, Edgar Fahs Smith Collection, University of Pennsylvania, dewey.library.upenn.edu
- Everything in its Place, nytimes.com
- Mendeleev profile at thinkquest.org
- Dmitri Ivanovich Mendeleev article on h2g2, bbc.co.uk.
- Who was Dmitri Mendeleev?, chemistry.co.nz