Pananggalan Julian

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Kalèndher Julian)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Pananggalan Julian utawa Kalèndher Julian dikenalaké déning Julius Caesar ing taun 45 sadurungé Masehi. Kalèndher iki minangka taun syamsiah (srengéngé) kanthi cacahing dina tetep saben wulané, lan disisipi siji dina saben 4 taun kanggo panyesuaian dawané taun tropis. Kalèndher iki dipigunakaké sacara resmi ing saindhenging Eropah, nganti anané réformasi kanthi panggunaan Pananggalan Gregorian ing taun 1582 déning Paus Gregorius XIII. Britania Raya nembé ngimplementasèkaké ing taun 1752, Rusia nembé ing taun 1918 lan Yunani nembé ing taun 1923. Gereja Ortodoks nganti saiki isih tetep migunakaké Pananggalan Julian saéngga prayaan Natal lan Taun Anyar béda.

Era sadurungé taun 45 SM, dijenengaké era bingung, amarga Julius Caesar nyisipaké 90 dina jroning kalèndher tradisional Romawi, kanggo luwih nyedhaki katepatan pergantian mangsa. Panyisipan iki ceroboh banget saéngga wulan-wulan jroning kalèndher iku ora tepat manèh. Pungkasané, nuruti saran Sosigenes, astronom saka Iskandariyah, Caesar netepaké kalèndheré dadi 12 wulan, saben wulan cacahing dina tinentu kaya saiki iki, kanthi panetapan taun kabisat saben 4 taun, kanthi keyakinan yèn dawaning 1 taun surya iku 365,25 dina wektu iku. Kanthi cara iki saben 128 taun, kalèndher iki kakèhan sedina.

Wiwit sédané Caesar, panerapan taun kabisat salah trep. Kabisat diberlakukan saben ngidak taun ka-4, dadi 3 taun pisan. Kahanan iki sabanjuré dibeneraké déning Kaisar Agustus, kanthi ngilangaké kabèh dina kabisat saka taun 8 SM nganti taun 4 Masehi. Sawisé itu kalèndher Julian berfungsi kanthi luwih apk.


[sunting] Deleng uga

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pananggalan_Julian&oldid=655844"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès