Cyril saking Alexandria

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Cyril saking Alexandria

Santo Cyril I, Paus saking Alexandria
Pilar Iman; Uskup, Confessor lan Doktor/Pujangga Gréja
Miyos c. 376
Séda c. 444
Dipun urmati ing Gréja Katulik Roma
Gréja Ortodoks Wétan
Gréja Ortodoks Oriental
Gréja Anglikan
Gréja Lutheran
Dinten pèngetan 18 Januari dan 9 Juni (Gréja Ortodoks)
27 Juni (Gréja Koptik, Gréja Katulik Roma- nanging 9 Februari ing Kalènder Roma 1882-1939 - lan ing Gréja Lutheran)
Atribut Dipungambaraken minangka Uskup kanthi phelonion lan omophorion, lan biasanipun kanthi sirah ingkang dipuntutupi kanthi cara biarawan Mesir (sok-sok panutup sirah gadhah pola polystavrion), panjenenganipun biasanipun dipungambaraken nyipeng gulungan utawi Buku Injil, kanthi tangan tengenipun kaangkat kanggé maringaken berkah.
Pangreksa Alexandria

Cyril saking Alexandria punika satunggiling tiyang Kristen ing abad ka-4 ingkang njabat minangka uskup ing Alexandria, Mesir wiwit taun 412.[1] Nalika panjenenganipun dipuntahbisaken dados uskup, Cyril nggentosaken paklik/padhénipun inggih punika, Theofilus.[1]. Panjenenganipun gadhah pandhangan bilih Yésus Kristus sanès manungsa ingkang dipunpanggèni utawi dipunmanunggalekan kaliyan Allah (Firman), ananging Panjenenganipun punika Allah Firman ingkang sampun dados manungsa.[1] Dhoktrin ingkang dipunperjuwangaken déning Cyril perkawis inkarnasi panjilman Allah.[1] Uskup ingkang mréntah nalika taun 412 puniki sasanèsipun amargi dhoktrin panjilman Allah, panjenenganipun dipuntepangi ugi amargi katerlibatanipun salebetipun konflik kaliyan Nestorius, uskup Konstantinopel.[1] [2] Padhebatan sengit puniku dumados sasampunipun Cyril mireng ungkapan Nestorius ingkang nyangkal bilih kenya Maria punika theotokos utawi biasa dipuntepangi minangka ibu ingkang miyosaken Allah.[1] Sasanèsipun puniku, pabèntenan sanèsipun ugi wonten ing inkarnasi Allah.[1] Nestorius gadhah pendhapat bilih Kristus punika manungsa ingkang dipunmanunggalaken kaliyan Firman, sauntawis Cyril nentang kanthi nélakaken bilih Kristus piyambak punika Firman ingkang manjalma.[1] Mireng perkawis puniki, Cyril énggal-énggal ngintunaken serat sepindhahipun dhumateng Nestorius ingkang meksa supados Nestorius saged nampi theotokos.[1] Serat sepindhah gagal, dipunlajengaken kanthi serat kaping kalih ingkang mréntah Nestorius supados panjenenganipun purun napak astani kalih welas anathema (kutukan dhumateng pranyatan-pranyatan Nestorius ingkang dipunanggep sesat déning Cyril).[1] Nanging, amargi kalih serat puniki dipuntulak déning Nestorius, pungkasanipun panjenenganipun dipunpecat déning kaisar salebetipun Konsili Efesus nalika taun 431.[1] [2] Perjuwangan Cyril pungkasanipun adamel piyambakipun dipuntepangi minangka tokoh ingkang merjuwangaken dhoktrin inkarnasi Allah.[1] Nalika taun 444, pungkasanipun Cyril tilay donya lan posisinipun énggal dipungantosaken déning ponakanipun, inggih punika Dioskorus.[1]

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m Tony Lane. 2006. Runtut Pijar: Sejarah Pemikiran Kristiani. Jakarta: BPK GM.Hlm.44-46.
  2. ^ a b Michael Collins&Matthew A. Price. 2006. The History of Christianity: Menelusuri Jejak Krstianitas. Yogyakarta: Kanisius. Hlm.62, 100.

Pustaka tambahan[sunting | sunting sumber]

  • Artemi, Eirini «The mystery of the incarnation into dialogues «de incarnatione Unigenitii» and «Quod unus sit Christus» of St. Cyril of Alexandria», Ecclesiastic Faros of Alexandria, ΟΕ (2004), 145-277.
  • Artemi, Eirini, St Cyril of Alexandria and his relations with the ruler Orestes and the philosopher HypatiaΟ , Ecclesiastic Faros of Alexandria, τ. ΟΗ (2007), 7-15.
  • Artemi, Eirini, The one entity of the Word Incarnate. α). Apollinarius' explanation, β)Cyril's explanation,Ecclesiastic Faros of Alexandria,, τ. ΟΔ (2003), 293 – 304.
  • Artemi, Eirini The historical inaccurancies of the film Agora about the murder of Hypatia, Orthodox Press, τεύχ. 1819(2010),7.
  • Artemi, Eirini, The use of the ancient Greek texts in Cyril's works, POREIA MARTYRIAS,(2010), 114-125