Gréja Lutheran

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Segel Luther

Gréja-gréja Lutheran yaiku gréja-gréja kang adhedhasar piwulang Martin Luther, tokoh Réformasi gréja nalika abad kaping-16 kang ngritik piwulang lan praktik Gréja ana ing jaman semana.[1] Ajaran khas saka Martin Luther kang asring uga diakoni dadi ciri khas piwulang Réformasi disimpulaké ana ing telung sola, yaiku sola fide, sola gratia, lan sola scriptura, kang duwé teges "mung iman", "mung anugrah", lan "mung Kitab Suci".[1] Tegesé yaiku, Luther nyatakaké yèn kaslametan manungsa mung bisa merga imané déning karya anugrah Allah kang ditindakaké karana Yesus Kristus, kayadéné kang diseksèkaké déning Kitab Suci.[2]

Merga perkara mau, banjur Luther nulak piwulang Gréja ana ing jaman semana kang njanjèkaké kaslametan nganggo pangadolan layang-layang pangapuraning dosa (indulgensia).[1] Luther nyatakaké yèn manungsa dislametaké dudu merga amal utawa tindak-tanduké kang apik, nanging merga saka anugrah saka Allah.[2] Lutheran nyatakaké iki adhedhasar omongané Paulus ana ing Layang Roma: "nanging Allah nuduhaké kasih-É marang manungsa, merga Kristus wis mati kanggo manungsa, nalika manungsa isih duwé dosa kang akèh.[2]"

Gréja Lutheran ngakoni rong sakramèn: Pambaptisan lan Bujana Suci.[2] Katekismus Lutheran ngajaraké yèn pambaptisan yaiku karya Allah, adhedhasar omongan lan janji saka Kristus.[2] Gréja Lutheran percaya yèn roti lan anggur ana ing bujana suci pancèn bener awak lan getih saka Kristus kang dianugrahaké marang wong Kristiani kanggo dipangan lan diombé.[2]

Cathetan sikil [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gréja_Lutheran&oldid=831186"