Ékaristi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bujana Pungkasan (1498), dipunlukis ing Milano

Bujana Suci (komuni) utawi Sakramèn Ékaristi (saking basa Yunani Ευχαριστία eucharistia) punika salah satunggilipun sakramèn ingkang dipunsumerepi ing salebeting Gréja Kristen. Istilah ekaristi ingkang asalipun saking basa Yunani ευχαριστω, ingkang ateges raos matur nuwun utawi bingah, langkung asring dipunginakaken déning gréja Katulik, Anglikan, Ortodoks Wétan, lan Lutheran, éwadéné istilah Bujana Suci dipunginakaken déning gréja Protèstan. Bujana Suci dipunlandhesi déning Dhahar ndalu pungkasan Yesus kaliyan murid-muridipun ing ndalu sadèrèngipun panjenenganipun dipuncipeng lan dipunsalibaken (Markus 14:12-21. dll.).

Bab lan Paragraf

Makna Bujana Suci[sunting]

Umumipun tiyang Kristen pitados bilih dipunprintahaken déning Yesus supados ngayahi prastawa bujana puniki kanggé mèngeti ("... tindakna minangka pengéling-éling marang Aku!" - 1 Kor. 11:24, 25). Ananging sawetawis aliran Gréja Kristen anggadhahi pangertosan ingkang bènten-bènten ugi bab sakramen punika. Gréja Katulik Roma nandhesaken makna bujana suci minangka sarana kasalametan kanggé umat. Gréja-gréja Protèstan umumipun langkung nandhesaken bujana minangka pepènget dhumateng sédanipun lan pangurbanan Yesus kanggé umat manungsa.

Elemen Bujana[sunting]

Kadosdéné wonten ing bujana Yesus ingkang pungkasan, umat Kristen sesarengan dhahar roti lan ngunjuk anggur. Wonten ing bab punika ugi wonten bédanipun ing salebeting praktèk miturut tradhisi gréja. Ing kalangan Gréja Katulik Roma roti ingkang dipun-ginakaken dipundamel mligi tanpa ragi (hosti), sementawis anggur mboten dipunparingaken dhumateng umat. Ing kalangan Gréja Protèstan dipun-ginakaken roti biasa, sementawis anggur ingkang dipun-ginakaken saged ugi arupi jus anggur.

Mugi mirsani[sunting]

Pranala njawi[sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ékaristi&oldid=814783"