Charon (satelit)
Charon (uniné /ˈʃɛərən/ SHAIR-ən, utawa /ˈkɛərən/ KAIR-ən kayadéné ing Cithakan:Lang-gr), ditemokaké taun 1978, iku satelit paling gedhé Pluto lan salah siji anggota planèt cilik gandha kanthi Pluto minangka anggota liyané, gumantung ing dhéfinisi. Kanthi panemon loro satelit Pluto liyané (Nix lan Hydra), Charon saiki diarani Pluto I. Misi montor mabur akasa New Horizons dijadwalaké nekani Charon lan Pluto sasi Juli 2015.
Charon ditemokaké déning astronom James Christy nalika tanggal 22 Juni 1978, nalika dhèwèké mriksa gambar Pluto sing digedhèkaké. Christy nyadhari yèn bagéan cilik sing nonjol muncul ing wektu tartamtu. Charon awalé diarani S/1978 P 1. Ing tanggal 24 Juni 1978, Christy ngusulaké jeneng Charon.
Charon duwé dhiameter 1.207 km, watara setengah saka dhiameter Pluto, kanthi wiyar lumahan watara 4.580.000 km². Ora kaya Pluto sing dilapisi nitrogen lan ès metana, lumahan Charon didhominasi déning ès lan ora duwé atmosfer.
Pranala njaba [sunting]
- Charon Profile oleh NASA's Solar System Exploration
- James W. Christy and Robert S. Harrington, "The satellite of Pluto," The Astronomical Journal 83 (1978) 1005
- Marc W. Buie, Phases of Charon as seen from Pluto, Lowell Observatory
- Hubble reveals new map of Pluto, BBC News, 12 September 2005
- IAU Circular No. 3241[1] describing the discovery
- Measuring the Size of a Small, Frost World (ESO press release January 2006)[2]
- M. J. Person et al.: Charon’s Radius and Density from the Combined Data Sets of the 2005 July 11 Occultation (submitted to the Astronomical Journal, 3 Februari 2006)
Cathetan sikil [sunting]
- ^ "IAUC 3241: 1978 P 1; 1978 (532) 1; 1977n". http://cfa-www.harvard.edu/iauc/03200/03241.html. Retrieved 2008-06-22.
- ^ "ESO - 2006". http://www.eso.org/outreach/press-rel/pr-2006/pr-02-06.html. Retrieved 2008-06-22.
| Tata Surya |
|---|
| Planet: Merkurius | Venus | Bumi | Mars | Yupiter | Saturnus | Uranus | Neptunus |
| Planet cilik: Ceres | Pluto | Eris |
| Liyane: Srengéngé | Satelit | Asteroid | Komet | Sabuk kuiper | Awan oort |