Carissa Putri
| Carissa Putri | |
|---|---|
| Lair | Carissa Putri Sulaiman 12 September 1984 (umur 27) |
| Pagawéyan | Aktris |
| Taun aktif | 2006 - sekarang |
| Wong tuwa | Ris Isa Soelaiman - Lily SP |
Carissa Putri iku salah sijiné bintang akting ing film, sinetron, lan FTV Indonesia.[1] Carissa lair ing Frankfurt, Jerman, nalika tanggal 12 September 1984. [2]Carissa kalebu aktris pendatang kang cepet misuwur.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karir
Carissa Putri tau main ing film garapan sutradara Hanung Bramantyo kang rah-irahané Ayat-Ayat Cinta.[1] Film iki dadi film kang sepisanan tumprap Carissa. [1]Film iki njupuk crita saka novel laris karangan Habiburrahman El Shirazy.[1] Ing film iki carissa Putri akting dadi Maria Girgis, salah sijiné prawan kang ngugemi agama Kristen kang banjur seneng karo Islam. [1]Wiwitané Carissa disiapaké kanggo main dadi tokoh Aisha Greimas, salah sijiné mahasiswi keturunan Jerman lan Turki kang pinter, ayu lan sugih.[1] Ananging peran iki banjur diwenehaké kanggo Rianty Cartwright kang wiwitané main dadi dadi Maria. [1]Iki amarga rupané Carissa rada kenomen yen akting dadi tokoh Aisha.[1] Sawisé akting ing layar lebar, Carissa Putri banjur dadi bintang iklan produk Telkom Speedy lan main film.[1] Film kang tau dibintangi kayata film kang irah-irahané The Tarix Jabrix. [1] Saliyané iku, Carissa uga main ing sinetron stripping Ramadhan kang irah-irahane Aqso & Madina, Anggun, Siti Nurbaya, Hikmah 3, Jangan Pisahkan Aku, 1 Bunga 4 Kumbang, lan I Love U Bos.[1]
[sunting] Sinematografi
[sunting] Film
- Ayat-Ayat Cinta (2008) minangka Maria
- The Tarix Jabrix (2008) minangka Callista
- Catatan si Boy (2011)
[sunting] Sinetron
- Anggun (Barengan karo Luna Maya lan Ben Joshua)
- Siti Nurbaya
- Hikmah 3
- Jangan Pisahkan Aku
- 1 Bunga 4 Kumbang
- I Love U Bos
- Aqso dan Madina (2008) minangka Safira
- Rafika (2008) minangka Rafika
[sunting] FTV
- Date with Danella