Habiburrahman El Shirazy

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Habiburrahman El Shirazy
Habiburrahman El Shirazy.jpg
Jeneng samaran Kang Abik
Lair 30 September 1976 (umur 35)
Flag of Indonesia.svg Semarang, Jawa Tengah, Indonesia
Pagawéan sutradara, dai, novelis, penyair
Kabangsan Indonesia
Genres sastra moralis
Kulawarga Muyasaratun Sa'idah
Anak Muhammad Ziaul Kautsar
Muhammad Neil Author

Habiburrahman El Shirazy (lair ing Semarang, Jawa Tengah, 30 September 1976; umur 35 taun) inggih menika Novelis No. 1 Indonesia (dipunnobataken dening Universitas Diponegoro (UNDIP) Semarang).[1] Sanesipun novelis, sarjana Universitas Al-Azhar, Kairo, Mesir menika ugi dados sutradara, dai, lan penyair.[2] Karya-karyanipun kathah dipunremeni boten namung tiyang Indonesia, ananging ing maca negari kados Malaysia, Singapura, Brunei, Hongkong, Taiwan lan Australia.[1] Karya-karya fiksinipun dipunnile saged mbangun jiwa lan nuwuhaken semangat prestasi. Karya-karyanipun ingkang sampun kathah ing pasaran inggih menika Ayat-Ayat Cinta taun 2004, Di Atas Sajadah Cinta taun 2004, Ketika Cinta Berbuah Surga taun 2005, Pudarnya Pesona Cleopatra taun 2005, Ketika Cinta Bertasbih taun 2007, Ketika Cinta Bertasbih 2taun 2007, Dalam Mihrab Cinta taun 2007, Bumi Cinta, taun 2010, lan The Romance.[2] Samenika taksih damel Langit Makkah Berwarna Merah, Bidadari Bermata Bening, lan Bulan Madu di Yerussalem.[1][2]

[sunting] Pendidikan

Miwiti pendidikan manengah ing MTs Futuhiyyah 1 Mranngen lan sinau kitab kuning ing pondhok pesantren Al Anwar, Mranggen, Demak kanthi dipunasuh dening K.H. Abdul Bashir Hamzah.[1] Ing taun 1992 panjenenganipun ngrantau ing Kutha Surakarta kangge sinau ing Madrasah Aliyah program Khusus (MAPK) Surakarta, lulus ing taun 1995.[1] Sasampunipun menika nglajengaken ing Fakultas Ushuluddin, jurusan Hadist Universitas Al-Azhar, Kairo Mesir lan rampung ing tuan 1999.[1] Taun 2001 lulus Postgraduate Diploma (Pg.D) S2 ing The Institute for Islamic Studies ing Kairo.[1]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g (id)Profil dipunundhuh tanggal 27 Juli 2011)
  2. a b c (id)Kang Abik Tonjolkan Konflik Batin di dalam Mihrab Cinta dipunundhuh tanggal 27 Juli 2011)

[sunting] Pranala Njawi


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès