Hanung Bramantyo
| Hanung Bramantyo | |
|---|---|
| Lair | Setiawan Hanung Bramantyo 1 Oktober 1975 (umur 36) |
| Pagawéyan | sutradara |
| Garwa | Zaskia Adya Mecca |
| Anak | Kanna Sybilla Bramantyo |
Setiawan Hanung Bramantyo (lair ing Yogyakarta, 1 Oktober 1975; umur 36 taun) inggih menika sutradara saking Indonésia.[1] Kariripun ing jagad film saged narik kawigatosan awit dados sutradara film Brownies.[1] Hanung Bramantyo naté pikantuk kanugrahan Sutradara Paling Saé wonten ing adicara Festival Film Indonesia taun 2005.[1][2] Hanung ugi naté dados nominasi sutradara paling saé kanthi film Sayekti dan Hanafi, ananging kalah kaliyan mitranipun Guntur Soeharjanto.[1] Sanèsipun menika, Hanung Bramantyo naté ngarahaken film Tingkling Glass, ingkang dados juara III Bronze 11th Cairo International Film Festival (CIFF) Category TV Program ing Mesir.[1] Karya spèktakulèr Hanung inggih menika film Ayat-ayat Cinta(2008), salah satunggalipun film réligi ingkang dipundamel saking cariyos novèl suksès anggitanipun Habiburrahman El Shirazy kanthi irah-irahan ingkang sami.[1]
Samenika Hanung Bramantyo dados garwanipun Zaskia Adya Mecca lan sampun kagungan putra, Kana Sybilla Bramantyo.[3]
[sunting] Filmografi[2]
- Topeng Kekasih (2000)
- Gelas-gelas Berdenting (2001)
- When ... (2003) - (film cekak)
- Brownies (2004)
- Catatan Akhir Sekolah (2005)
- Sayekti dan Hanafi (TV) (2005)
- Jomblo (2006)
- Lentera Merah (2006)
- Kamulah Satu-Satunya (2007)
- Legenda Sundel Bolong (2007)
- Get Married (2007)
- Ayat-Ayat Cinta (2008)
- Doa Yang Mengancam (2008)
- Perempuan Berkalung Sorban (2009)
- JK (2009) - (film cekak)
- Get Married 2 (2009)
- Menebus Impian (2010)
- Sang Pencerah (2010)
- Selebriti Yang Paling Cantik (2010)
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e f (id)Hanung Bramantyo(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
- ↑ a b (id)Biografi Hanung Bramantyo(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
- ↑ (id)Zaskia Adya Mecca Melahirkan Bayi Perempuan(dipunundhuh tanggal 21 Juni 2011)
[sunting] Pranala njawi
- (id) Profil
| Awards and achievements | ||
|---|---|---|
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
Cithakan:Sutradara Paling Apik (FFI) Cithakan:Karya Hanung Bramantyo