Brokoli

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Brokoli
Broccoli DSC00861.png
Brokoli
Species Brassica oleracea
Cultivar group Italica Group
Origin Saking Italia (2,000 taun kapengker)[1][2]

Brokoli (Brassica oleracea L. Klompok Italica) ingih menika tetandhuran janganan ingkang mlebet suku kubis-kubisan utawi Brassicaceae.[3][4] Asalipun Brokoli menika saking dhaerah Seganten Tengah lan sampun dipunbudidhayakaken wiwit jaman Yunani Kuna.[3] Janganan menika mlebet dhateng Indonésia antawis taun 1970-an. Samenika brokoli sampun dados salah satunggalipun janganan ingkang misuwur.[3] Menawi dados panganan, limrahipun dipungodhog utawi dipunkukus rumiyin, saged ugi langsung dipundhahar.[3] Cara ingkang langkung sae inggih menika kanthi dipunkukus rumiyin sadherengipun dipundhahar.[3] Perkawis menika nggadhahi tujuan supados vitamin kaliyan nutrisi ingkang awrat ingkang wonten ing brokoli boten ical. Menawi dipungodhog saged ngicalaken kinten-kinten 50 % kandhungan asam folat ingkang wonten ing brokoli.[3] Ananging menawi badhe nggodhog brokoli saénipun boten dangu, kinten-kinten 5 menit kemawon. [3]

[sunting] Gizinipun Brokoli

  • Brokoli nggadhahi energi, karbohidrat, vitamin, lan mineral ingkang migunani tumraping manungsa.[3]
  • Brokoli nggadhahi kandhungan lemak lan kalori ingkang sakedhik, boten nggadhahi lemak jenuh, kaliumipun inggil lan sodiumipun sakedhik, lan boten nggadhahi kandhungan kolesterol saengga sae kagem jantung.[3]
  • Brokoli nggadhahi kandhungan folat saengga sae kagem ibu-ibu ingkang taksih mbobot.[3]
  • Kandhungan vitamin C ing brokoli inggil sanget.[3]
  • Kandhungan kalsium ing brokoli inggil sanget kados kandhungan kalsium wonten ing setunggal gelas (71,8 mg kalsium brokoli sami kaliyan kalsium susu 120 ml).[3]

[sunting] Cathetan suku

  1. Buck, P. A Origin and Taxonomy of Broccoli. Department of Food Technology, University of California. URL diaksès tanggal 2009-05-14
  2. Stephens, James Broccoli—Brassica oleracea L. (Italica group). University of Florida. URL diaksès tanggal 2009-05-14
  3. a b c d e f g h i j k l (id) Kandungan Gizi dan Khasiat Sayuran Brokoli. URL diaksès tanggal 14 Juni 2011
  4. (id)Cithakan:Http://www.plantamor.com/index.php?plant=222

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

[sunting] Pranala Njawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Brokoli&oldid=653425"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès