Batu bara
Batu bara utawa batubara yaiku sawijining watu bahan bakar fosil.[1] Arti umum yaiku watu kang bisa kanggo bahan bakar, asalé saka endhapan organik, yaiku saka sisa tanduran lan kabentuk liwat prosès pembatubaraan.[1] Unsur-unsur utamané saka karbon, hidrogen lan oksigen.[1]
Batu bara uga tunggalé watu organik kang duwé sifat-sifat fisika lan kimia kang komplèks kang bisa ditemoni ing manéka bentuk.[1]
Analisa unsur mènèhi cara formula empiris kaya C137H97O9NS kanggo bituminus lan C240H90O4NS kanggo antrasit.[1]
Pambentukan batu bara mbutuhaké kahanan-kahanan khusus lan mung bisa ing jaman-jaman kang ora mesthi saanané sajarah géologi.[2] Jaman Karbon, kira-kira 340 (yuta taun kepungkur), yaiku jaman pambentukan batu bara kang paling prodhuktif kang mèh kabèh dhéposit batu bara (black coal) kang ékonomis kabentuk ing bumi sisih lor.[2] Ing jaman Permian kira-kira 270 yuta taun kepungkur, uga kabentuk endhapan-endhapan batu bara kang ékonomis ing bumi sisih kidul, kayata Australia, lan maju terus nganti jaman Tersier (70 - 13 yuta taun kepungkur) ing bumi.[2]
Kabèh unsur pambentuk batu bara yaiku saka tetanduran. Jenis-jenis tanduran pambentuk batu bara lan umuré miturut Diessel {1981) yaiku:
- Alga, saka jaman Pre-kambrium nganti Ordovisium lan duwé sèl tunggal.[2] Ing période iki endhapan batu bara sithik banget.[2]
- Silofita, saka jaman Silur nganti Devon Tengah, yaiku turunan saka alga.[2] Ing période iki, endhapan batu bara uga sithik.[2]
- Pteridofita, saka jaman Devon nDuwur nganti Karbon nDuwur.[2] Matèri utama pambentuk batu bara ing jaman karbon ing Éropah lan Amérika Lor.[2] Tanduran tanpa kembang lan isi, uripé nganggo spora lan urip ing iklim anget.[2]
- Gimnospermae, wiwit saka jaman Permian nganti jaman Kapur Tengah.[2] Tanduran heteroseksual, isi keblongsong ing woh, kaya pinus, lan ana unsur tlutoh (resin) kang dhuwur.[2] Jenis Pteridospermae kaya gangamopteris lan glossopteris yaiku panyusun utama batu bara Permian kaya ing Australia, India lan Afrika.[2]
- Angiospermae, saka jaman Kapur nDuwur nganti saiki.[2] Jenis tanduran modhèrn, woh kang nutupi isi, kurang tlutoh dibandhingaké karo gimnospermae, dadi rada angèl diawètaké.[2]