Abdul Razak Hussein
| Yang Amat Berbahagia Tun Abdul Razak |
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 22 September 1970 – 14 Januari 1976 |
|
| Monark | Abdul Halim Yahya Petra |
|---|---|
| Deputi | Ismail Abdul Rahman Hussein Onn |
| Didhisiki déning | Abdul Rahman |
| Diganti déning | Hussein Onn |
|
|
|
| Mangsa jabatan 31 Agustus 1957 – 22 September 1970 |
|
| Perdhana Mentri | Abdul Rahman |
| Didhisiki déning | Jabatan dikosongaké |
| Diganti déning | Ismail Abdul Rahman |
|
|
|
| Miyos | 11 Maret 1922 Pekan, Pahang, Malaya Britania |
| Tilar donya | 14 Januari 1976 (umur 53) London, Inggris, Britania Raya |
| Partai pulitik | UMNO-Barisan Nasional |
| Garwa | Rahah Noah |
| Almamatèr | Malay College Kuala Kangsar Raffles College |
| Pakaryan | Pengacara |
| Agami | Islam |
Tun Abdul Razak bin Haji Dato' Hussein Al-Haj (miyos ing Pulo Keladi, Pekan, Pahang, Malaysia, 11 Maret 1922 – tilar donya ing London, Inggris, 14 Januari 1976 ing yuswa 53 warsa) inggih menika Perdana Mentri Malaysia kaping kalih, ingkang njabat ing taun 1970 ngantos dumugi taun 1976, minangka gantosipun Tunku Abdul Rahman.[1][2]
Sasanèsipun misuwur minangka salah satunggalipun pangadeg Malaysia, panjenenganipun ugi dados penggagas Dhasar Ékonomi Ènggal, satunggalipun program kontrovèrsial kangge majengaken ékonomi tiyang Melayu ing Malaysia supados sajajar kaliyan kaum trah Tionghoa lan Tamil.[1] Panjenenganipun ugi pangadeg Barisan Nasional ing taun 1973.[1]
Tun Abdul Razak menika putra pungkasan Dato' Hussein bin Mohd. Taib kaliyan Hajah Teh Fatimah binti Daud.[1] Panjenenganipun kagungan trah bangsawan bugis ingkang dhateng Malaya ing abad kaping 19.[1] Salah satunggal putranipun, Najib Tun Razak, inggih menika Perdana Mentri Malaysia wiwit tanggal 3 April 2009.[1] Tun Abdul Razak tilar donya nalika taksih njabat dados Perdana Mentri nalika tanggal 14 Januari 1976 amargi gerah leukemia.[1]
Pendidikan [sunting]
Nalika taun 1934, panjenenganipun sekolah ing Sekolah Inggil Melayu Kuala Kangsar lan dados pelajar ingkang cemerlang.[1] Sasampunipun njabat minangka Pegawé Tadbir Melayu ing Sekolah Inggil Melayu Kuala Kangsar nalika taun 1939, panjenenganipun pikantuk beasisiwa kangge nglajengaken studinipun ing Sekolah Inggil Raffles, Singapura nalika taun 1940.[1]
Kanthi béasiswa konfrontasi, Tun Abdul Razak nglajengaken studi babagan undhang-undhang ing taun 1947 ing Inggris.[2] Nalika taun 1950, panjenenganipun pikantuk gelar Degree of an utter Barrister saking Lincoln's Inn.[2]
Cathetan suku [sunting]
Pranala njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.