Leukemia

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Leukemia
Acute leukemia-ALL.jpg
Sedhiyan sumsum balung kanthi pawarna Wright. Sedhiyan nedahaké leukemia limfoblastik akut prekurisr sel-B.
ICD-10 C91-ICD-10 Chapter C|C95
ICD-9 208.9
ICD-O: 9800-9940
DiseasesDB 7431

Leukemia utawa kanker getih iku saklompok panyakit neoplastik sing manéka ragamé, ditengeri déning panikelan sacara ora normal utawa transformasi maligna saka sel-sel pambentuk getih ing sumsum balung lan jaringan limfoid. Sel-sel normal ing njeron sumsum balung digantèkaké déning sel ora normal utawa abnormal. Sel abnormal iki metu saka sumsum lan bisa ditemokaké ing njeron getih perifer utawa getih pinggir. Sel leukemia mangaruhi hematopoiesis utawa prosès pambentukan sel getih normal lan imunitas awak panandhang.

Tembung leukemia tegesé "getih putih", amarga ing awaking panandhang ditemokaké akèh sel getih putih sadurungé diterapi. Sel getih putih sing katon akèh arupa sel sing isih enom, upamané promielosit. Cacahé sing tansaya akèh bisa ngganggu fungsi normal sel liyané.

Bab lan Paragraf

[sunting] Klasifikasi

Leukemia bisa diklasifikasiké saka dhasar:

[sunting] Lakuning alamiah panyakit: akut lan kronis

Leukemia akut ditengeri kanthi lakuning panyakit sing cepet banget, mematikan, lan memburuk. Yèn ora énggal diobati panandgang bisa tilar donya ing étungan minggu tekan dina. Éwadéné leukemia kronis lumakuning panyakit ora patiya cepet saéngga nduwèni pangarepan urip sing luwih suwé, nganti luwih saka setaun.

[sunting] Tipe sel predominan sing kalibat: limfoid lan mieloid

Banjur, panyakit diklasifikasikaké mawa jinis sel sing ditemokaké ing sedhiyan getih pinggir.

[sunting] Cacahing leukosit ing getih

  • Leukemia leukemik, yèn cacahing leukosit ing njeron getih luwih saka normal, ana sel-sel abnormal
  • Leukemia subleukemik, yèn cacahing leukosit ing njeron getih kurang saka normal, ana sel-sel abnormal
  • Leukemia aleukemik, yèn cacahing leukosit ing njeron getih kurang saka normal, ora ana sel-sel abnormal

[sunting] Prevalensi papat tipe utama

Kanthi ngombinasikaké rong klasifikasi pisanan, mila leukemia bisa dipérang dadi:

  • Leukemia limfositik akut (LLA) arupa tipe leukemia paling asring dumadi ing bocah-bocah. Panyakit iki uga ana ing wong diwasa sing utamané wis yuswa 65 taun atawa luwih
  • Leukemia mielositik akut (LMA) luwih asring dumadi ing wong diwasa tinimbang bocah-bocah.Tipe iki mbiyèné disebut leukemia nonlimfositik akut.
  • Leukemia limfositik kronis (LLK) panandhangé asring wong diwasa sing yuswané luwih saka 55 taun. Sok-sok uga panandhangé wong diwasa enom, lam mèh ora ana ing bocah-bocah.
  • Leukemia mielositik kronis (LMK) asring dumadi ing wong diwasa. Bisa uga dumadi ing bocah-bocah, nanging sithik banget.

Tipe sing asring dumadi ing wong diwasa yaiku LMA lan LLK, senadyan LLA asring dumadi ing bocah-bocah.

[sunting] Patogenesis

Leukemia akut lan kronis arupa sawijining wangun kaganasan utawa maligna sing mijil saka panikelan klonal sel-sel pambentuk sel getih sing ora kakontrol. Mekanisme kontrol selulèr normal mungel ora lumaku kanthi becil amarga anané owah-owahan ing kode genetik sing kuduné nduwèni tanggung jawab marang pangaturan tuwuhing sel lan diferensiasi.

Sel-sel leukemia nglakoni wektu daur ulang sing luwih alon tinimbang sel normal. Prosès pamatengan utawa maturasi lumaku ora jangkep lan tahan urip luwih suwé tinimbang sel sajinis sing normal.

[sunting] Etiologi

Panyebab leukemia durung dingertèni pesthiné, nanging diweruhi sapérangan faktor sing bisa mangaruhi frékuènsi leukemia, kayata:

[sunting] Radiasi

Radiasi bisa ningkataké frékuènsi LMA lan LMA. Ora ana lapuran ngenani gegandhèngan antarané radiasi karo LLK. Sapérangan lapuran sing ndhukung:

  • Para pegawé radiologi luwih asring nandhang leukemia
  • Panandhang kanthi radioterapi luwih asring nandhang leukemia
  • Leukemia ditemokaké ing korban urip kadadèyan bom atom Hiroshima lan Nagasaki, Jepang

[sunting] Faktor leukemogenik

Ana sapérangan dat kimia sing wis diidhèntifikasi bisa mangaruhi frékuènsi leukemia:

[sunting] Epidemiologi

[sunting] Herediter

Panandhang sindrom Down nduwèni insidensi leukemia akut ping 20 luwih gedhé saka wong normal.

[sunting] Virus

Virus bisa njalari leukemia kayata retrovirus, virus leukemia feline, HTLV-1 ing wong diwasa.

[sunting] Leukemia akut

[sunting] Manifestasi klinik

Manifestasi leukemia akut arupa akibat saka komplikasi sing dumadi ing neoplasma hematopoetik sacara umum. Nanging saben leukemia akut nduwèni ciri khasé dhéwé-dhéwé. Sacara umum, leukemia akut nduwèni 3 tetenger utama yaiku:

  • Cacahing sel ing perifer sing dhuwur banget, saéngga njalari dumadiné infiltrasi jaringan utawa leukostasis
  • Panggantian elemen sumsum balung normal sing bisa ngasilaké komplikasi minangka akibat saka anemia, trombositopenia, lan leukopenia
  • Metuning faktor faali sing njalari komplikasi sing signifikan

[sunting] Alat diagnosa

Leukemia akut bisa didiagnosa liwat sapérangan piranti, kayata:

[sunting] Pranala njaba

[sunting] Réferènsi

  1. Simon, Sumanto, dr. Sp.PK. 2003. Neoplasma Sistem Hematopoietik: Leukemia. Jakarta:Fakultas Kadokteran Unika Atma Jaya Jakarta.
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Leukemia"