Menyang kontèn

Soroaster

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Zoroaster)
Princèn (detil) lukisan The School of Athens karya Raphael, 1509, nuduhaké Soroaster (sisih kiwa, ngasta 'globe' [bal donya] sing kebak lintang).

Soroaster (Parsi Modern: زرتشت (Zartosht),Kurdi: Zerdeşt, Gujarati: જરતોશ્ત, Yunani: Ζωροάστρης, (Zoroastres), lan Latin: Zoroaster) ya iku pawongan nabi saka Pèrsi (saiki karan Iran). Dèwèké ya iku pencetus Zoroastrianisme kang dianut déning bangsa Pèrsi.[1] Dèwèké uga salah sijiné imam pengajar.[1] Zarathustra diperkirakaké uripp sakiwa-tengené 1100-550 SM.[2]. Ana uga kang ngomongake dhèwèké urip sakiwa-tengené 1200-600 SM.[1]

Soroaster lair ing Iran tlatah lor taun 628 sadurungé Masèhi. Sawisé diwasa, panjenegané nyebaraké agama anyar kang diripta dhéwé. Wiwitané akèh kang ora sarujuk, nanging rikala umuré ngancik patangpuluhan, piyambaké bisa melut Raja Vishtaspa kang kuwasa ing lor Iran supaya ngrasuk zoroaster. Miturut carita rakyat, Soroaster urip nganti umur 77 taun lan séda taun 551 sadurungé Masehi.

Téologi Soroaster iku minangka campuran antarané monotéisme lan dualisme. Miturut Soroaster mung ana siji Kang dadi Sesembahan ya iku Ahura Mazda (ing Iran modhèren sinebut Ormudz). Ahura Mazda (Gusti kang wicaksana) ndhawuhaké blaka suta lan kabeneran. Nanging wong kang padha ngrasuk zoroaster uga percaya marang anané dhemit Angra Mainyu (ing istilah Pèrsi modhèren: Ahriman) kang nuduhaké angkara murka. Kekaroné iku makili watak kang tansah wong-wong uga percaya manawa Ahura Mazda bakal menang ing pungkasané. Kejaba iku uga ana kaprecayan ngenani panguripan sawisé mati.

Nalika Alexander Agung nguwasani Pèrsi, Soroaster mati suri. Agama iki ngrembaka manèh nalika Pèrsi éntuk kamardikan saka panguwasané Alexander Agung. Ing ngisor panguwasané dhinasti Sasanid (226-651 M) Zoroster dadi agama kang resmi ing Pèrsi.

Arti Jeneng

[besut | besut sumber]
Faravahar (utawa Farohar)

Jeneng Zarathustra utawa diéja minangka Zaraθ-uštra sajeroning basa Avesta, kemungkinan gedhé wujud salah sijiné tembung majemuk bahuvrihi lan kasusun saka tembung zarəta- "lemah, tuwa" lan uštra "unta".[3] Dadi bisa omongaké yèn Zarathustra iku: "Dèwèké kang duwé unta-unta tuwa".[3] Nanging, tembung pertama kadang-kadang uga diartikaké minangka "kuning" utawa "emas" (jumbuh basa Parsi modern zærd) sahéngga artiné dadi "Dèwèké kang duwé unta warna keemasan".[3] Ahura Mazda dhéwé kanthi etimologis berarti: Ahura (Tuhan) lan Mazda (kebijaksanaan).[3]

Zarathustra éntok penglihatan

Sadurungé Zarathustra lair, agama kang ana ing Iran (Pèrsi) bersumber marang macam-macam ajaran, kaya ta politeisme, paganisme, lan animisme.[4] Zarathustra kang ngrasa ora puas karo ajaran-ajaran kang tumuwuh ing Iran marang wektu iku berusaha nggawa pembaruan.[4] Zarathustra dikenal minangka nabi kang duwé karunia kanggo nambani lan nglakokaké pira-pira mujizat.[3]

Zarathustra berusaha ndandani sistem kepercayaan lan cara panyembahan marang déwa-déwa kang tumuwuh ing Pèrsi.[4] Ing umur 30 taun, Zarathustra olèh salah sijiné penglihatan.[2] Menurut legenda, dhèwèké weruh cahya gedhé kang banjur nggawa lumebu hadirat Ahura Mazda, Sang Terang.[2] Awit ketemonan iku Zarathustra dadi selot semangat menyebaraké ajaran kang ngajaraké yèn sekabehanè kang apik asalé saka Ahura Mazda.[2]

Ajaran-ajaran

[besut | besut sumber]

Dasar ajaran saka Zarathustra ya iku monotheisme, ateges nyembah amung siji Tuhan bae, Ahura Mazda.[4] Angra Mainyu, kang wujud Sang Kegelapan lan lawan saka Ahura Mazda, ya iku pengingkaran Tuhan.[5] Ajaran Zarthustra uga mbenerake anané makluk-makluk suci kang sipaté pengasih kang mbantu perjuangane.[4] Anangingsakwise Zarathustra meati, kepercayaan marang makluk-makluk suci mau diowah dadi konsepsi kedewataan kang dihubungake karo penciptaan alam, kang kasusun saka enem tingkat penciptaan benda-benda alam, ya iku:[4]

  • Asha Vahista minangka déwa tata tertib lan kebenaran kang éndah lan kerep digambarake sebagai déwa kang nguwasani geni;
  • Vohu Manah minangka déwa hati nurani baik (God mind) lan kerep digambarake minangka sapi lanang;
  • Keshatra Vairya minangka déwa pencinta lan penguasa kabèh logam;
  • Spenta Armaity minangka déwa ngibadah kang kebek kasih lan penguasa bumi lan lemah;
  • Haurvatat ya iku minangka kebulatan lan kekuasaan sarta penguasa banyu lan wit-witan;

Kabèh wujud ajaranne ditulis sajrone salah sijiné kitab kang karan Gathas lan Avesta.[6]

Simbul kang gambarake Sang Terang utawa déwa kebaikan iki, ya iku Ahura Mazda, kang karan geni, lambang déwa.[1] Simbol liyané ya iku simbol kang nggambaraké Ahura Mazda, kang karan farohar, kang duwé sepasang swiwi, buntut, lan sepasang sikil.[3]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Keene, Michael. 2010. Agama-agama Dunia. Yogyakarta: Kanisius
  2. a b c d Fisher, Mary Pat.1997.Living Religions.London: I. B. Tauris and Co Ltd
  3. a b c d e f Dowling, Elizabeth M. dan W. George Scarlett.2006.Encyclopedia of Religious and Spiritual Development.London: SAGE Publications
  4. a b c d e f H.M Arifin. 1986. Menguak Misteri Ajaran Agama-agama Besar. Golden Trayon. Hlm. 18, 20-24.
  5. M.Dhavamony. 1995. Fenomenologi Agama. Jogjakarta: Kanisius. Hlm. 124.
  6. Leeming, David.2001.Asian Mythology.New York: Oxford University Press

Pranala njaba

[besut | besut sumber]