Menyang kontèn

Zhao Wei

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Zhao Wei

Jeneng Cina 趙薇 (Tradhisional)
Jeneng Cina 赵薇 (Prasaja)
Pinyin Zhào Wēi (Mandarin)
Jyutping Ziu6 Mei4 (Kanton)
Jeneng liya Vicki Zhao, Wei Zhao
Pakaryan Actress, singer
Genre Mandopop
Taun aktif 1993 – present
Jeneng pasangan Huang Youlong (2008 - present)
Situs resmi http://www.zhaowei.com.cn/

Zhao Wei utawa Vicki Zhao (lair ing Wuhu, Anhui, Republik Rakyat Cina, 12 Maret 1976; umur 50 taun) ya iku aktris lan penyanyi asal Tiongkok, dhèwèké wiwit kondhang ning masarakat nalka mainaké "Sue" ning filem So Close, lan dadi "Wen Zhu" ning filem Warriors of Heaven and Earth. dhèwèké tau ngeraih panghargaan Huabiao Awards lan Festival Film Internasional Shanghai ning taun 2005 ning filem A Time to Love.[1] Dhèwèké uga kondhang karo jeneng Vicki Zhao, Dhèwèké miwiti debuté ning dunya akting ning filem kang judhulé LA PEINTRE, meski dhèwèké namung olih panghargaan ning peran kang ora patiya wigati.[1]

Ning taun 1991 peran mligi diolihaké nalika dhèwèké mainaké peran ning Televisi kang judhulé PRINCESS PEARL, ning taun 1991, dhèwèké miwiti kariré dadi penyanyi ning album kang judhulé Swallow.[1] Salah siji tembangané kang kondhang ya iku tetembangan ning album judhulé There is a Girl, dadi tetembangan kang dadi theme song ning filem kang judhulé PRINCESS RETURNING PEARL.[1] Albumé sawisé iku, ning taun 1999 Magic of Love, ning taun 2001 The Last Separation, ning taun 2004 Piao lan ning taun 2005 DOUBLE.[1]

Peran-peran suksesé bisa dideleng ning perané nalika dadi Lu Yiping lan ning filem ROMANCE IN THE RAIN, kang dirilis ning taun 2001, nalika dadi An Xin ning filem kang judhulé JADE GODDESS OF MERCY dirilis ning taun 2004[2], Uga meranaké dadi Qu Ran ning filem kang dijuduli A TIME TO LOVE dirilis ning taun 2005, Meranaké Yao Mulan ning filem kang judhulé MOMENT IN PEKING, dirilis ning taun 2005 lan filem-filem liyané.[1]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Film-filem kang tau dibintangi Zhao Wei:

TahunJudhulPeranCatatan lain
1994La PeintreEkstra
1995Penitentiary AngelDing Jing'er
1996East Palace, West PalaceA-lan
Sisters in BeijingBai XiaoxueSerial televisi, peran utama pertama
1997Princess Returning Pearl I Xiao Yan ZiSerial televisi
Magic FormulaLuo ManSerial televisi
1998The Lion King II: Simba's PrideKiaraLayar lebar di basa Cina
Kang Xi Incognito Travel IIYu Qing'erSerial televisi
Old House Has JoyJixiangSerial televisi
1999Déjà Vu 2000Wei Wei
Princess Returning Pearl IIXiao Yan ZiSerial televisi
2000The DuelPrincess Phoenix
Treasure VentureLu JianpingSerial televisi
2001Shaolin SoccerAh Mui
Romance in the RainLu YipingSerial televisi
2002So CloseSue
Chinese Odyssey 2002Ah Feng (Phoenix)
2003Warriors of Heaven and EarthWen Zhu
My Dream GirlZhang Ning
Green TeaWu Fang, Lang Lang
2004Shrek 2Princess FionaLayar lebar di basa Cina
Jade Goddess of MercyAn Xin
2005A Time to LoveQuran
Moment in PekingYao MulanSerial televisi
2006The Postmodern Life of My AuntLiu Dafan
Fast Track LoveChen XiaoxiaoSerial televisi
2007Thank You For Having Loved MeTan YuweiSerial televisi
The Longest Night in ShanghaiLin Xi
2008Red Cliff ISun Shangxiang
Painted SkinPei Rong
2009Red Cliff IISun Shangxiang
A Lady's EpicTian SufeiSerial televisi
MulanHua Mulan
201014 BladesQiao Hua

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 biografi Zhao Wei dipununduh tanggal 13 Agustus 2011
  2. vidio Zhao Wei dipununduh tanggal 13 Agustus 2011