Zarathustra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Zarathustra miturut lukisan Sekolah Athena.

Zarathustra (Parsi Modern: زرتشت (Zartosht),Kurdi: Zerdeşt, Gujarati: જરતોશ્ત, Yunani: Ζωροάστρης, (Zoroastres), lan Latin: Zoroaster) ya iku pawongan nabi saka Pèrsi (saiki disebut Iran). Dèwèké ya iku pencetus Zoroastrianisme kang dianut déning bangsa Pèrsi.[1] Dèwèké uga salah sijiné imam pengajar.[1] Zarathustra diperkirakaké uripp sekitar 1100-550 SM.[2]. Ana uga kang ngomongake dhèwèké urip sekitar 1200-600 SM.[1]

Arti Jeneng[besut | besut sumber]

Faravahar (utawa Farohar)

Jeneng Zarathustra utawa diéja minangka Zaraθ-uštra sajeroning basa Avesta, kemungkinan gedhé arupa salah sijiné tembung majemuk bahuvrihi lan kasusun saka tembung zarəta- "lemah, tuwa" lan uštra "unta".[3] Dadi bisa omongaké yèn Zarathustra iku: "Dèwèké kang duwé unta-unta tuwa".[3] Nanging, tembung pertama kadang-kadang uga diartikaké minangka "kuning" utawa "emas" (jumbuh basa Parsi modern zærd) sahéngga artiné dadi "Dèwèké kang duwé unta warna keemasan".[3] Ahura Mazda dhéwé kanthi etimologis berarti: Ahura (Tuhan) lan Mazda (kebijaksanaan).[3]

Zarathustra éntok penglihatan

Sadurungé Zarathustra lair, agama kang ana ing Iran (Pèrsi) bersumber marang macam-macam ajaran, kaya ta politeisme, paganisme, lan animisme.[4] Zarathustra kang ngrasa ora puas karo ajaran-ajaran kang berkembang ing Iran marang wektu iku berusaha nggawa pembaruan.[4] Zarathustra dikenal minangka nabi kang duwé karunia kanggo nambani lan nglakokaké pira-pira mujizat.[3]

Zarathustra berusaha ndandani sistem kepercayaan lan cara panyembahan marang déwa-déwa kang berkembang ing Pèrsi.[4] Ing umur 30 taun, Zarathustra olèh salah sijiné penglihatan.[2] Menurut legenda, dhèwèké weruh cahya gedhé kang banjur nggawa mlebu hadirat Ahura Mazda, Sang Terang.[2] Awit ketemonan iku Zarathustra dadi selot semangat menyebaraké ajaran kang ngajaraké yèn sekabehanè kang apik asalé saka Ahura Mazda.[2]

Ajaran-ajaran[besut | besut sumber]

Dasar ajaran saka Zarathustra ya iku monotheisme, ateges nyembah amung siji Tuhan bae, Ahura Mazda.[4] Angra Mainyu, kang arupa Sang Kegelapan lan lawan saka Ahura Mazda, ya iku pengingkaran Tuhan.[5] Ajaran Zarthustra uga mbenerake anané makluk-makluk suci kang sipaté pengasih kang mbantu perjuangane.[4] Anangingsakwise Zarathustra meati, kepercayaan marang makluk-makluk suci kasebut diowah dadi konsepsi kedewataan kang dihubungake karo penciptaan alam, kang kasusun saka enem tingkat penciptaan benda-benda alam, yaitu:[4]

  • Asha Vahista minangka déwa tata tertib lan kebenaran kang éndah lan kerep digambarake sebagai déwa kang nguasai geni;
  • Vohu Manah minangka déwa hati nurani baik (God mind) lan kerep digambarake minangka sapi lanang;
  • Keshatra Vairya minangka déwa pencinta lan penguasa kabèh logam;
  • Spenta Armaity minangka déwa ibadah kang kebek kasih lan penguasa bumi lan lemah;
  • Haurvatat ya iku minangka kebulatan lan kekuasaan sarta penguasa banyu lan wit-witan;

Kabèh wujud ajaranne ditulis sajrone salah sijine kitab kang disebut Gathas lan Avesta.[6]

Simbul[besut | besut sumber]

Simbul kang gambarake Sang Terang utawa déwa kebaikan iki, ya iku Ahura Mazda, kang disebut geni, lambang déwa.[1] Simbol liyané ya iku simbol kang nggambarake Ahura Mazda, kang disebut farohar, kang duwé sepasang swiwi, buntut, lan sepasang sikil.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Keene, Michael. 2010. Agama-agama Dunia. Yogyakarta: Kanisius
  2. ^ a b c d Fisher, Mary Pat.1997.Living Religions.London: I. B. Tauris and Co Ltd
  3. ^ a b c d e f Dowling, Elizabeth M. dan W. George Scarlett.2006.Encyclopedia of Religious and Spiritual Development.London: SAGE Publications
  4. ^ a b c d e f H.M Arifin. 1986. Menguak Misteri Ajaran Agama-agama Besar. Golden Trayon. Hlm. 18, 20-24.
  5. ^ M.Dhavamony. 1995. Fenomenologi Agama. Jogjakarta: Kanisius. Hlm. 124.
  6. ^ Leeming, David.2001.Asian Mythology.New York: Oxford University Press