Wikipédia:Angkringan Tèhnis
Papan iki kanggo sapa baé takon lan ngrembug bab tèhnis kaya ta modhul lan cithakan. Ana déné kanggo rembugan bab tèhnis kang angèl banget, mangga sesambungan marang panata Wikipédia. Kanggo palapuran tetuma (bug) sarta panjalukan fitur sumangga menyang Pabrikator. Pangowahan piranti alus MédiaWiki utawa panjalukan fitur kang mligi kanggo Wikipédia Jawa, bisa léwat panata kanthi nggawé konsénsus ing Angkringan Usul. Rembug bab samubarang kajaba bab tèhnis bisa koaturaké ing Angkringan Liyané. |
Modhe peteng (dark mode)
[besut sumber]
Sugeng dalu, lur. Aku péngin awèh info yèn saiki tampilan Wikipédia:Pendhapa wis nyengkuyung modhe peteng alias dark mode, lur. Ing modhe peteng, colorscheme-né dakganti dadi werna klawu jalaran angèl banget nggathukké werna soga ing modhe peteng, nanging ing modhe padhang colorscheme-né tetep isih padha wernané. Sampéyan bisa deleng tampilané liwat skin Vector 2022 (dèsktop) utawa Minerva Neue (punsèl). Kajaba iku, sawetara cithakan uga wis dakanyari supaya wernané gumathuk karo tampilan dark mode kaya ta jinis-jinis box, notice, shortcut, sidebar, dwiaksara, kaca-kaca Angkringan, lsp. Nuwun. — Labdajiwa (rembugan) 25 Fèbruari 2025 14.30 (UTC)


