Warteg

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Warteg utawi warung tegal, inggih punika salah satunggaling papan sadèan ingkang nyediakaken dedhaharan khas kabupatèn Tegal.[1] Warung ingkang asring pinanggih wonten kitha ageng punika kondhang sanget.[2] Warung ingkang lair saking astanipun para perantau asal laladan kabupatèn Tegal punika panci sampun nglebur kaliyan kauripan masarakat wonten ing kitha gedhé.[2] Warteg kados ta sampun dados bilik egaliter ingkang pundi strata sosial saking manéka golongan menapa kemawon dhahar wonten ing satunggal bangku kayu dawa kang kanthi boten mentingaken isin lan gengsi.[2] Warteg kondhang amargi warungipun ingkang nyediakaken kathah masakan nanging regi-regi dhaharan kaliyan ombènanipun langkung mirah kaliyan warung sanèsipun.[3] Warteg dipunanggep kaliyan masarakat mawi warung ingkang merakyat amargi boten namung kalangan wong cilik kemawon ingkang mampir warteg, nanging ugi saking tiyang sugih.[2]

Warteg,utawi warung Tegal

Warteg limrahipun langkung saged kapanggih wonten ing laladan se-Indonésia, mliginipun wonten ing pulau Jawa.[3] Kitha ingkang kathah piyambak cacahipun warteg ingkang pinanggihan inggih punika kitha Jakarta.[2] Sesanèsipun wonten ing Indonésia, wonten ugi warteg ing nagari manca.[4] Nanging wonten satunggal prakawis ingkang dados geguyon wonten ing kasunyatanipun.[4] Nalika énggal-enggalané warteg kondhang wonten ing jamane, kathah tiyang wonten ing laladan-laladan sanès sami tepang kaliyan ingkang dipunnamani warteg, malah tiyang Tegal piyambak boten mangertosi menapa ingkang dipunwastani warteg.[5] Malah tiyang-tiyang laladan sanès ingkang ngertos.[5] Nanging sapunika, sampun kathah tiyang Tegal ingkang nyemplung wonten ing tlatah bisnis per-Warteg-an punika.[5]

Sajarah Warteg[besut | besut sumber]

Sajarah warteg saged dipunruntut saking manéka versi.[6] Manawi saking pacelathonipun saking tiyang-tiyang kathah, sajarah warteg dipunwiwiti antawis taun 1970-1980-an.[6] Nalika samanten, wonten ing kitha gedhé, mliginipun Jakarta, saweg pliket sanget anggènipun nggiyaraken pembangunan (Jakarta).[6] Kathah proyek pembangunan ingkang dipunlampahaken déning pamaréntah rikala punika.[6] Proyek ingkang saweg dipunlampahaken njalari efek ganda ("multiply effect")dhumateng para pekerja (tukang, kuli) wonten jumlah kathah.[6] Para pekerja Proyek punika limrahipun sarana ngiyup ingkang dipunnamani bedeng-bedeng sawatawis wonten ing kiwa-tengené proyek.[6] Perkawis sanès ingkang dipunraosaken déning para pekerja inggih punika kabetahan konsumsi ingkang saged kamot biaya: mirah lan kathah.[6] Peluang punika lajeng dipun-ginakaken déning warga Tegal ingkang manggèn wonten ing kutha krajan.[6] Kelompok imigran asal Tegal miwiti usahanipun kanggé nyediakaken layanan kuliner wonten ing caket lokasi proyek.[6] Para perantau punika saged nyediakaken manéka warni produk ingkang mirah lan kathah, ingkang lajeng dados satunggal stereotip Warteg ingkang tinepang sapunika.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. WarTeg.or.id Archived 2006-07-15 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 April 2011)
  2. a b c d e Kompas.com Archived 2010-03-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 April 2011)
  3. a b Tegalinfo.com Archived 2010-11-27 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 April 2011)
  4. a b Kompasiana.com Archived 2011-01-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 april 2011)
  5. a b c Panjebar Semangat
  6. a b c d e f g h i j Kompasiana.com Archived 2012-02-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 April 2011)