Vonny Kristianda
| Vonny Kristianda | |
|---|---|
| Lair | Vonny Kristianda |
| Pakaryan | aktris |
| Taun aktif | 2000-saiki |
Vonny Kristianda (lair ing Yogyakarta, 21 Mèi 1983; umur 43 taun)[1], iku salah sijiné modhèl lan aktris Indonésia.[1]
Karir
[besut | besut sumber]Vonny Kristianda miwiti karir kanthi dadi modhèl.[1] Vonny Kristianda tau dadi juwara loro ing lomba GADIS Sampul nalika taun 2000.[1] Nalika iku Vonny Kristianda saingan karo Astrid Tiar Yosephine.[1] Astrid Tiar menang dadi juwara siji ing lomba iku.[1] Vonny Kristianda uga tau dadi bintang modhèl kanggo vidéo klip Peterpan.[1] Saliyané iku, Vonny uga tau main ing sinétron kang judhulé Doa dan Cinta.[1]
Sawisé ngrampungaké kuliyah lan éntuk gelar sarjana ékonomi, Vonny Kristianda banjur mbalik manèh ing donyaning hiburan Indonésia.[1] Nalika iku, Vonny éntuk tawaran main ing filem Kekasih nalika taun 2008.[1] Ing filem iki, Vonny Kristianda akting dadi bintang utama ya iku tokoh kang jenengé Maria.[1] Ing filem iki, Vonny akting karo aktor Angga Dwi Saputra kang akting dadi tokoh Jiwo.[2] Film iki wiwit disiyaraké nalika tanggal 3 April 2008.[1] Film iki disutradarai karo sutradara Wisnu Adi.[1] Déné kang mrodhuksi filem iki ya iku Grandiz Media Production.[1]
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 m.kapanlagi.com[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
- ↑ film.indonesiaselebriti.com[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
| Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Pages to import images to Wikidata
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit January 2026
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Modhèl Indonésia
- Aktris Indonésia
- Finalis GADIS Sampul