Virus Rubéla
| Virus Rubéla | |
|---|---|
Wujud virus rubela | |
![]() Virus rubela menimbulkan bercak merah padha kulit | |
| Pengenal | |
| MeSH | D012412 |
| Terminologi anatomi | |
Virus rubéla ya iku virus kang njalari campak jerman (jerman mung simbul) kang nyerang bocah-bocah, wong diwasa, lan uga wong meteng.[1] Virus rubela bisa nyerang pérangan saraf utawa otek kang banjur nyerang kulit kang katandai anané titik-titik abang kaya campak biyasa.[1] Virus iki asalé saka kuluwarga virus Togaviridae lan gènus Rubivirus.[1]
Habitat
[besut | besut sumber]Lumrahé, virus rubela urip ing laladan tropis, subtropis, lan ing laladan kang duwni mangsa semi.[1]
Penularan
[besut | besut sumber]Virus rubela bisa nular lumantar riyak penderita kang lumebu ing awake wong liya.[2] Saliyané iku, virus iki uga nular lumantar cuwèran awak kaya ta kringat.[2] Yèn daya tahan awak kuwat, virus mau bakal mati.[2] Nanging suwalike, yèn daya tahan awak lemes mula virus bakal lumebu ing awak.[2] Virus rubela ora duwé perantara ing panularane, nanging panularane bisa kadadéan lumantar udara.[2] Virus rubela bisa ngrembaka ing sèl-sèl kang nglapisi pérangan mburi gorokan lan irung.[2] Virus iki uga bisa nyebar lumantar ilèn getih utawa sistem getah bening ing pérangan awak liyané, kaya ta:[2]
Mangsa inkubasi
[besut | besut sumber]Mangsa inkubasi virus iki kawiwitan kathi anané tandha-tandha flu entheng nganti anané titik-titik abang ing kulit.[1] Mangsa inkubasi bisa kedadeyan kanthi wektu 7-20 dina.[1]
Efek
[besut | besut sumber]Efek kang ditimbulake virus rubela ya iku panas kanthi suhu kang luwih dhuwur, flu, ngelu-ngelu, kepéngin mutah, lemes, oto kemeng, lan nimbulake titik-titik abang ing kulit.[3] Lumrahé, titik-titik abang kang ditimbulake kawiwitan saka rai, banjur nyebar ing sekabehing awak.[3] Klanjer getah bening kang ana ing mburi kuping (poustauricula), tengkuk (subbocipital), lan gulu (cervical) bakal gedhé.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Virus Rubela. |
- 1 2 3 4 5 6 Rubella, www.mail-archive.com. Diundhuh tanggal 12 Juni 2010.
- 1 2 3 4 5 6 7 Rubella Virus Archived 2020-08-11 at the Wayback Machine., measles.emedtv.com. Diundhuh tanggal 12 Juni 2010.
- 1 2 3 Gershon, Anne.(2005). Rubella (German Measles). Harrisons's Principles of Internal Medicine 16th. McGraw-Hill.
