Viroid

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Estrutura secundária hipotética de um viroide da batata

Viroid inggih punika patogèn tanéman ingkang kasusun saking potongan cendhak (pintén-pintén atus basa nukleotida) RNA ingkang komplementer, sirkular saha beruntai tunggal. Viroid bèntén kaliyan virus-virus struktur penyusun viroid boten gadhah kapsid.[1] Viroid inggih punika molekul RNA ngelingkar dawane namung pinten-pinten èwu nukleotida, ingkang nginfeksi taneman. Viroid boten ngodeaken protéin nanging saged rediplikasi ing sel-sel taneman inang, manawi ngginakaken enzim-enzim sel inang. Molekul-molekul RNA alit punika ketiangalipun nyebapaken kaluputan ing sistem regulasi ingkang ngontrol taneman, lan tandha-tandha khas lelara viroid inggih punika parembagan abnormal lan pertumbuhan radi lambat. Salah satunggaling lelara viroid, mau cadang-cadang, sampun matèni langkung saking 10 yuta wit klapa ing Filipina.[2] Viroid namung mampu reproduksi ing salebeting sel gesang dados partikel RNA. Dados pembanding ukuran, viroid mampu nginfeksi ing susunan ingkang gadhah kalih 2 Kilobasa. Ukuran viroid punika alit; manawi dipunbandingaken kaliyan ukuran atom sisihipun utawi ing ngandape 10.000 atom.dipunbandingaken ukuran viroid kaliyan virus sanèsipun 80 kali langkung alit saking virus.

Viroid
Klasifikasi ngèlmiah
Unranked: Subviral agents
Unranked: Viroid
Families

Pospiviroidae
Avsunviroidae

Viroid ingkang wiwitan kapanggih déning Theodor Otto Diener, punika ahli lelara taneman ingkang merdamel ing pusat Penelitian Oertanian ing Maryland ing taun 1971. Diener nemuake partikel RNA infektif ingkang langkung alit saking virus saha saged nyebapake lelara ing taneman. Punika dipunwastani viroid. Viroid nginfeksi tuwuhan kenthang, nyebapaken umbi kenthang nggelendong (spindle tuber disease).[3]

Salah satunggaling pasinaonan ingkang wigati saking viroid inggih punika molekul tunggal ingkang saged dados agen nginfeksi ingkang nyebaraken lelara. Nanging viroid ugi kagolong asem nukleat. Kawontenan protéin punika penginfeksi, ingkang nyebapaken jumlah lelara utek degeneratif ing pinten-pinten spésies kéwan. Penyakit-lelara punika antawisipun scrapie ing wedhus, lelara lembu bento, ingkang wonten ing Éropah ing taun-taun pungkasan lan lelara Creutzfeldt-jakob ing manungsa, ingkang sampun nyebapake kapejahan langkung saking 150 manungsa ing Inggris. Agregasi prion ngacoake fungsi-fungsi sel normal lan nimbulaken tandha-tandha-tandha-tandha lelara. Model punika dipunsambut kaliyan skeptis manawi ingkang wiwit dipunajuaken déning stanley Prusiner ing taun 1980an.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Campbell & Reece (2008). Biology. Pearson Benjamin Cummings. ISBN 0-8053-6844-2. 
  2. ^ a b Campbell,Neil A,dkk."BIOLOGI Edisi Kedelapan Jilid 1".ISBN.Erlangga.Jakarta.(2008:425) Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. ^ Website Jurusan Biologi Universitas Hamburg. Diambil dari laman Detection and biological functions of viroids diakses pada 16 Oktober 2012.